Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 28:1-14 Kitab Sutji (JAV)

1. Bilai makuthane kamulyane para kang seneng mendem ing Efraim,kembang kang wis wiwit alum ing rerengganing sirahe kang endah-endah-- yaiku kutha kang dumunung ana ing dhuwur, ana ing gunung, ing lembah kang suburkang kebak wong kang seneng ngombe anggurkang wus padha mumet! --

2. Lah Pangeran kagungan sawijining wong kang rosa lan santosa,wong kang kaya prahara kaworan udan krikil,yaiku prahara kang ngrerusakwong kang kaya prahara kaworan udankang ngedab-edabi lan ngelekake;wong-wong mau bakal kakeplekake ing bumi kalawan rosa.

3. Makuthane kamulyaning para wong Efraimkang seneng mendem iku bakal kaidak-idak,

4. lan kembang kang wis wiwit alum ing rerengganing sirahe kang endah-endah iku-- yaiku kutha kang ana ing dhuwur gunung, ing lebak kang subur --iku kaanane bakal kaya woh anjirkang mateng sadurunge mangsa ketiga:lagi bae kasumurupan ing wongbanjur kapethik lan kaemplok.

5. Ing wektu iku Pangeran Yehwuah Gustining sarwa tumitahbaka jumeneng dadi makuthaning kaendahan,lan rerengganing sirahkang endah tumrap kakarene umate,

6. bakal jumeneng dadi rohing kaadilantumrap wong kang lungguh nindakake pangadilan,lan dadi rohing kaprawirantumrap wong kang ngundurake perang nganti tekan ing gapura.

7. Nanging sanadyan wong-wong ing keneiya padha mumet marga saka anggurlan ngelu marga saka arakImam utawa Nabimumet marga saka arak,bingung marga saka anggur;padha mumet marga saka arak,mumet nalika weruh wahyu,sempoyongan nalika aweh putusan.

8. Lah mejane kabeh kebak utah-utahan lan rereged,temahan ora ana kang resik maneh.

9. Wong banjur celathu:“Sapa sing arep diwulang bab kawruhelan sapa sing bakal diwenehi katrangan bab wahyu-wahyune?Kaya-kaya bocah sapihan anyarkang lagi kabethot saka susu!

10. Sabab kudu iki kudu iku,kudu mangkene kudu mangkono,wuwuh iki, wuwuh iku!”

11. Lah lumantar para wong kang kedaling celathune anehlan lumantar para wong kang migunakake basa mancaPanjenengane bakal paring pangandika marang bangsa mau,

12. Panjenengane kang wus ngandikani mangkene:“Yaiki papan palerenan,sira menehana papan kanggo ngasomarang wong kang kesayahen;iku papan kanggo ngaso!”Nanging padha ora gelem ngrungokake.

13. Mulane bakal padha ngrungokake pangandikane Sang Yehuwah mangkene:“Kudu iki, kudu iku,kudu mangkene, kudu mangkono,wuwuh iki, wuwuh iku!”supaya sajrone lumaku banjur padha tiba kelumah,satemah tatu, kecekel lan ketawan.

14. Mulane rungokna pangandikane Sang Yehuwah,he para wong kang padha seneng nenacad,he para wong kang mrentah rakyatkang ana ing Yerusalem iki!

maca bab lengkap Yesaya 28