Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 27:7-13 Kitab Sutji (JAV)

7. Apa Sang Yehuwah anggone nyirnakake umatekaya anggone nyirnakake wong kang nyirnakake umat mau?Utawa apa anggone mateni umatekaya anggone mateni wong kang mateni umate mau?

8. Paduka sampun nglawan tiyang-tiyang wau, sami Paduka kesahaken saha Paduka tundhung.Wus padha kasingkirake kalawan angine kang santer ing wektu angin wetan.

9. Mangkene iki anggone kaluputane Yakub kailangan,lan iki wohe manawa dosane wus kaedohake:banjur gawe sakehe watuning misbyahkayadene watu gamping kang kapecah-pecah,satemah ora ana maneh tugu brahala lan padupan kang isih ngadeg.

10. Amarga kutha-beteng iku dununge mencil,sawijining papan panggonan kang disuwungakelan ditinggal kayadene ara-ara samun;pedhet bakal nyenggut lan mlegung ana ing konosarta ngentekake pang-panging wit-witan.

11. Samangsa pang-pange kang cilik-cilik wus garing, bakal padha disempali;nuli kaobong dening para wong wadon kang pdha teka.Awit iki sawijinig bangsa kang tanpa budi,yaiku kang njalari ora kaparinganpalimirma dening kang nitahakelan ora kinasihan dening kang mangun.

12. Ing wektu ikuPangeran Yehuwah bakal nindakake pangrontogan wiwit saka ing bengawan Efrat nganti tekan ing kali Mesir,sarta kowe kabeh bakal padha dikumpulakesiji-siji, he wong Israel!

13. Ing nalika ikukasalangka kang gedhe bakal diunekake,lan kang ilang ana ing tanah Asyur bakal padha tekamangkono uga kang kabuwang menyang ing tanah Mesirprelu padha sujud nyembah marang Pangeran Yehuwahana ing gunung kang suci, ing Yerusalem.

maca bab lengkap Yesaya 27