Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 27:1-10 Kitab Sutji (JAV)

1. Ing nalika iku Pangeran Yehuwah bakal matrapi paukuman kalawan pedhange kang atos, gedhe lan kuwatmarang Lewiatan, naga kang lumayu,marang Lewiatan, naga kang ngleker,sarta bakal mateni ula naga ing sagara.

2. Ing wektu iku bakal dikandhakake:“Ngrerepia bab kebon anggur kang endah!

3. Ingsun, Yehuwah kang ngreksa;Ingsun kang tansah nyirami.Supaya aja ana wong kang ngrusuhi,rina wengi Sunjaga;

4. Ingsun wus ora duka.Manawa Ingsun nguningani piskucing lan suket,iku bakal Sunperangilan bakal Sunobong bareng,

5. kajaba manawa banjur padha ngupaya pangayoman marang Ingsuntuwin ngudi rukun kalawan Ingsun,iya ngudi rukun kalawan Ingsun!”

6. Ing dina-dina kang bakal kelakon,Yakub bakal metu oyode,Israel bakal ngrembaka lan metu trubusanesarta bakal ngebaki bumi kabeh kalawan pametune.

7. Apa Sang Yehuwah anggone nyirnakake umatekaya anggone nyirnakake wong kang nyirnakake umat mau?Utawa apa anggone mateni umatekaya anggone mateni wong kang mateni umate mau?

8. Paduka sampun nglawan tiyang-tiyang wau, sami Paduka kesahaken saha Paduka tundhung.Wus padha kasingkirake kalawan angine kang santer ing wektu angin wetan.

9. Mangkene iki anggone kaluputane Yakub kailangan,lan iki wohe manawa dosane wus kaedohake:banjur gawe sakehe watuning misbyahkayadene watu gamping kang kapecah-pecah,satemah ora ana maneh tugu brahala lan padupan kang isih ngadeg.

10. Amarga kutha-beteng iku dununge mencil,sawijining papan panggonan kang disuwungakelan ditinggal kayadene ara-ara samun;pedhet bakal nyenggut lan mlegung ana ing konosarta ngentekake pang-panging wit-witan.

maca bab lengkap Yesaya 27