Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 25:5-8 Kitab Sutji (JAV)

5. kados benter gumeplang ing papan garing.Gumederipun para tiyang ngamanca Paduka kendelaken;kadosdene benter sumelet ingkang kasirnakaken dening aubing mega,inggih makaten anggening kekidunganipun para tiyang ingkang prakosa gumunggung sami kasirep.

6. Pangeran Yehuwah Gustining sarwa dumadiana ing gunung Sion kene bakal nganakake bujana kanggo sakehing bangsaarupa olah-olahan kang gurih,bujana kang awujud anggur lawas,olah-olahan kang gurih lan mawa sungsum,anggur lawas kang kasaring endheg-endhege.

7. Lan ana ing gunung kene Sang Yehuwah bakal nyuwek-nyuweksandhangan bagor kang kaenggokake marang sakehing suku bangsalan kemul kang dikemulakemarang sakehing para bangsa.

8. Panjenengane bakal ngicali pati ing sateruse;tuwin Pangeran Allah bakal ngusapi eluh saka ing sakehing rai;sarta kawirangane umate bakal kaedohakesaka ing salumahing bumi,awit Pangeran Yehuwah wus ngandika mangkono.

maca bab lengkap Yesaya 25