Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 25:1-5 Kitab Sutji (JAV)

1. Dhuh Pangeran Yehuwah, Paduka punika ingkang dados Allah kawula;kawula badhe ngluhuraken Paduka, badhe ngrepekaken kidung panuwun kagem asma paduka;amargi kalayan setya lan santosa anggen Paduka sampun nindakaken rancangan paduka ingkang elokingkang wontenipun sampun wiwit ing kina mila.

2. Awit kitha punika sampun Paduka dadosaken tumpukan sela,saha kitha-beteng punika dados jugrugan;purining bangsa manca sampun sanes kitha malih,lan boten badhe kabangun malih ing salaminipun.

3. Mila satunggaling bangsa ingkang santosa badhe ngluhuraken Paduka;kithaning para bangsa ingkang prakosabadhe ajrih-asih dhumateng Paduka.

4. Amargi Paduka dados papan pangungsenipun para tiyang ingkang sekeng,dados papan pangungsenipun tiyang miskin ing salebeting karupekanipun,dados pangayoman tumrap wontenipun prahara,dados pangeyuban manawi pinuju benter sumelet,awit kanepsonipun para tiyang ingkang prakosa gumunggungpunika kadosdene prahara ing mangsa asrep,

5. kados benter gumeplang ing papan garing.Gumederipun para tiyang ngamanca Paduka kendelaken;kadosdene benter sumelet ingkang kasirnakaken dening aubing mega,inggih makaten anggening kekidunganipun para tiyang ingkang prakosa gumunggung sami kasirep.

maca bab lengkap Yesaya 25