Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 24:4-12 Kitab Sutji (JAV)

4. Bumi katon susah alum,malah jagad banjur nglayung layu,langit lan bumi nglayung bebarengan.

5. Bumi dadi najis marga saka kang ngenggoni,amarga padha nglanggar angger-angger,ngowahi katetepan lan nyelaki prajanjian kang langgeng.

6. Mulane bumi bakal kamangsa ing ipat-ipat,lan kang ngenggoni bakal oleh paukuman;awit saka iku kang ngenggoni bumi bakal geseng sirna,lan manungsa bakal mung kari sathithik.

7. Anggur ora gawe bingar maneh,wite anggur nglayung,lan sakehe wong kang bungah atine bakal sesambat.

8. Swaraning trebang kang gambira wus leren,ramene wong kang sumyak-sumyak wus sirep,lan swaraning clempung kang girang wus leren.

9. Wong kang ngombe anggur ora kalawan kekidungan maneh,arak dadi pait tumrap wong kang ngombe.

10. Kutha kang kisruh kaanane wus lebur,saben omah wus tutupan ora kena dileboni.

11. Wong padha njerit ana ing dedalan awit ora ana anggur,sakehing kasenengan wus sirna,gambiraning bumi wus ilang.

12. Kang tinemu ana ing kutha mung karusakan,gapurane wus kagempur lan jugrug.

maca bab lengkap Yesaya 24