Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 24:16-23 Kitab Sutji (JAV)

16. Saka ing poncoting bumi aku padha krungu kekidungan:“Kamulyan kagem Kang Mahaadil!”Nanging aku celathu: “Aku kuru nglayung,kuru nglayung aku. Bilai aku!Sabab para panggarong padha nggarong,malah tanpa leren anggone nggarong!”

17. He para kang manggon ing bumi,kowe bakal padha ketaman ing pagiris,bakal padha kecemplung ing luweng lan kena ing kala jiret.

18. Ing kono sing sapa lumayu marga saka swara kang ngagetake ikubakal kecemplung ing luweng,lan kang munggah saka ing luwengbakal kena ing kala jiret.Amarga cendhela-cendhelaning langit bakal padha kawengakakelan dhasar-dhasaring bumi bakal padha gonjing.

19. Bumi remuk bubuk,bumi gempur ajurbumi gonjang-ganjing.

20. Bumi sempoyong-sempoyong kaya wong mendemlan gonjing kaya gubug katiyup ing angin;dosaning pambalelane tumempuh nggegirisi,mulane banjur rubuh lan ora bakal ngadeg maneh.

21. Ing nalika iku Pangeran Yehuwah tumuli bakal ngukumwadya-balaning langit ing langitlan para ratuning bumi ing bumi.

22. Iku bakal padha kaklumpukake bebarengan,kayadene tahanan kang kalebokake ing luweng;bakal padha kalebokake ing pakunjaranlan bakal padha kaukum sawuse antara lawas.

23. Rembulan purnama bakal rumangsa isin,lan srengenge kang panase ngedab-edabi bakal nandhang wirang,amarga Sang Yehuwah Gustining sarwa tumitah bakal ngasta paprentahanana ing gunung Sion lan ing Yerusalem,sarta bakal ngatingalake kamulyaneana ing ngarepe para pinituwane umate.

maca bab lengkap Yesaya 24