Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 24:1-9 Kitab Sutji (JAV)

1. Lah bumi bakal didadekake suwung dening Sang Yehuwahlan bakal kalebur,lemahe bakal kawalik,sarta kang manggon bakal padha kabuyarake.

2. Nasibing imam bakal kaya rakyat,nasibing lurah bakal kaya batur lanang,nasibing lurahe wadon bakal kaya batur wadon,nasibing wong kang adol bakal kaya kang tuku,nasibe wong kang nyilihake bakal kaya kang nyilih,nasibe wong potang bakal kaya kang utang.

3. Bumi bakal kadadekake ludhes babar pisan,lan bakal dijarah-rayah entek-entekan,awit Sang Yehuwah kang ngandika mangkono.

4. Bumi katon susah alum,malah jagad banjur nglayung layu,langit lan bumi nglayung bebarengan.

5. Bumi dadi najis marga saka kang ngenggoni,amarga padha nglanggar angger-angger,ngowahi katetepan lan nyelaki prajanjian kang langgeng.

6. Mulane bumi bakal kamangsa ing ipat-ipat,lan kang ngenggoni bakal oleh paukuman;awit saka iku kang ngenggoni bumi bakal geseng sirna,lan manungsa bakal mung kari sathithik.

7. Anggur ora gawe bingar maneh,wite anggur nglayung,lan sakehe wong kang bungah atine bakal sesambat.

8. Swaraning trebang kang gambira wus leren,ramene wong kang sumyak-sumyak wus sirep,lan swaraning clempung kang girang wus leren.

9. Wong kang ngombe anggur ora kalawan kekidungan maneh,arak dadi pait tumrap wong kang ngombe.

maca bab lengkap Yesaya 24