Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 22:5-13 Kitab Sutji (JAV)

5. Sabab Pangeran, Sang Yehuwah Gustining sarwa tumitah wus netepake dinane:Panjenengane bakal nggegerake,ngidak-idak lan ngisruhake wong,tembok ing “lebaking wahyu” bakal kajugrugakesarta panjerit njaluk tulung ngumandhang tekan ing pucaking gunung!

6. Elam wus nggendhong endhonge,Aram teka nggawa wadya-bala kretan lan jaranan,lan Kir nguculi bunteling tameng.

7. Lebak-lebakmu kang endah dhewe bakal kebak kreta,lan wadya-bala jaranan baris ana ing ngarepe gapura,

8. sarta Yehuda kelangan pangayoman.Ing wektu iku kowe ngawasakemarang praboting perang ing “Gedhong Alas”;

9. kowe padha sumurup,manawa temboke kuthane Sang Prabu Dawud wus bengkah-bengkah akehsarta kowe padha nadhahi banyu ing blumbang ngisor;

10. kowe padha ngetung omah-omah ing Yerusalem,lan omah-omah banjur padha kokbubrahi kanggo nyantosakake tembok;

11. kowe gawe papan tandhon banyu ana ing antarane tembok loro maukanggo ngwadhahi banyu ing blumbang kang lawas;nanging kowe ora padha tumenga marang Panjenengane kang yasa iku,lan ora ndeleng marang Panjenengane kang wus mangun iku wiwit biyen mula.

12. Ing nalika iku Pangeran, Sang Yehuwah Gustining sarwa tumitahdhawuh marang wong supaya nangis lan sesambat kalawan gundhul lan manganggo bagor;

13. nanging lah, ing satengahe tinemu kabungahan lan suka-suka,njagal sapi lan nyembeleh wedhus,mangan iwak lan ngombe anggur, kalawan nguwuh:“Ayo padha mangan lan ngombe,awit sesuk kita padha mati!”

maca bab lengkap Yesaya 22