Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 22:16-25 Kitab Sutji (JAV)

16. Sira duwe kapreluan apa, lan duwe gegayutan karo sapa ana ing kene,dene sira kok ndhudhuk kuburan kanggo kowe ana ing kene,he kang ndhudhuk kuburane ing panggonan kang dhuwur,kang natah panggonane ing gunung parang?

17. Lah Pangeran Yehuwah bakal nguncalake sira nganti adoh banget, he manungsa!Sira bakal kacepeng kalawan kenceng,

18. lan bakal kagulung kenceng dadi gulungansarta kaglundhungake kaya bal,menyang ing tanah kang amba;ana ing kono sira bakal mati, lan ana ing kono dununge kreta-kreta kamulyanira,he sira kang gawe wiranging brayate gustinira!

19. Ingsun bakal njongkengake sira saka ing kalungguhanira,lan sira bakal kalungsur saka ing pangkatira.

20. Ing nalika iku Ingsun bakal nimbali abdiningSun,Elyakim anake Hilkia:

21. Iku bakal Sunenggoni jubahiralan sabukira bakal Sunubetake ing lambunge,tuwin pangwasanira bakal Sunparingake marang ing tangane;dheweke banjur bakal dadi bapatumrap wong ing Yerusalemlan tumrap turune Yehuda.

22. Soroge kadhatone Dawud bakal Sunampilake ing pundhake;manawa wong iku ngengakake, ora ana kang bisa nginebake;manawa nginebake, ora ana kang bisa ngengakake.

23. Ingsun bakal maringi kalungguhan kang santosa marang dheweke,kayadene canthelan kang kapasang kukuh ana ing tembok;mulane banjur dadi palungguhan kang mulyatumrap kulawargane.

24. Sabanjure bakal mikulsakehe tanggung jawab tumrap kulawargane,semen lan trubusandalasan sakehe piranti kang cilik,wiwit saka bokor nganti grabah pisan.

25. Ing nalika iku, mangkono pangandikane Sang Yehuwah Gustining sarwa tumitah,canthelan kang kapasang kukuh ana ing panggonan kang kukuh iku bakal ora kukuh maneh,satemah banjur tugel lan tiba,lan sakehe tanggungane iku bakal lebur,amarga Pangeran Yehuwah wus ngandika mangkono.”

maca bab lengkap Yesaya 22