Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 22:13-22 Kitab Sutji (JAV)

13. nanging lah, ing satengahe tinemu kabungahan lan suka-suka,njagal sapi lan nyembeleh wedhus,mangan iwak lan ngombe anggur, kalawan nguwuh:“Ayo padha mangan lan ngombe,awit sesuk kita padha mati!”

14. Nanging Sang Yehuwah, Gustine sarwa tumitah banjur paring wangsit marang aku lan ngandika mangkene:“Kaluputanira iki sanyata ora bakal kaapura,nganti sira padha mati,”mangkono pangandikane Pangeran, Gustining sarwa tumitah.

15. Mangkene pangandikaning Pangeran, Gustining sarwa tumitah:“Ayo sira nemonana panggedhene kraton iki,Sebna kang ngurus kraton lan pratelaa:

16. Sira duwe kapreluan apa, lan duwe gegayutan karo sapa ana ing kene,dene sira kok ndhudhuk kuburan kanggo kowe ana ing kene,he kang ndhudhuk kuburane ing panggonan kang dhuwur,kang natah panggonane ing gunung parang?

17. Lah Pangeran Yehuwah bakal nguncalake sira nganti adoh banget, he manungsa!Sira bakal kacepeng kalawan kenceng,

18. lan bakal kagulung kenceng dadi gulungansarta kaglundhungake kaya bal,menyang ing tanah kang amba;ana ing kono sira bakal mati, lan ana ing kono dununge kreta-kreta kamulyanira,he sira kang gawe wiranging brayate gustinira!

19. Ingsun bakal njongkengake sira saka ing kalungguhanira,lan sira bakal kalungsur saka ing pangkatira.

20. Ing nalika iku Ingsun bakal nimbali abdiningSun,Elyakim anake Hilkia:

21. Iku bakal Sunenggoni jubahiralan sabukira bakal Sunubetake ing lambunge,tuwin pangwasanira bakal Sunparingake marang ing tangane;dheweke banjur bakal dadi bapatumrap wong ing Yerusalemlan tumrap turune Yehuda.

22. Soroge kadhatone Dawud bakal Sunampilake ing pundhake;manawa wong iku ngengakake, ora ana kang bisa nginebake;manawa nginebake, ora ana kang bisa ngengakake.

maca bab lengkap Yesaya 22