Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 22:1-11 Kitab Sutji (JAV)

1. Wangsit tumrap “lebaking wahyu”.Ana apa ta, dene sakehe wongmupadha munggah ing payon-payoning omah,

2. he kutha kang surak-surak rame lan gembira gumuruh,he nagara kang bungah-bungah?Wongmu kang padha mati iku ora marga mati dening pedhang,lan ora gugur ana ing peperangan.

3. Panggedhemu padha lumayu kabeh,padha katawan ora sarana kapanah;wong-wong kang prakosa padha katawan,sanadyan wus padha lumayu adoh banget.

4. Mulane aku celathu:“Aku aja koktolih,etogna bae anggonku nangis kepati;aja meksa aku supaya kau kelipuring bab patine putrining bangsaku.”

5. Sabab Pangeran, Sang Yehuwah Gustining sarwa tumitah wus netepake dinane:Panjenengane bakal nggegerake,ngidak-idak lan ngisruhake wong,tembok ing “lebaking wahyu” bakal kajugrugakesarta panjerit njaluk tulung ngumandhang tekan ing pucaking gunung!

6. Elam wus nggendhong endhonge,Aram teka nggawa wadya-bala kretan lan jaranan,lan Kir nguculi bunteling tameng.

7. Lebak-lebakmu kang endah dhewe bakal kebak kreta,lan wadya-bala jaranan baris ana ing ngarepe gapura,

8. sarta Yehuda kelangan pangayoman.Ing wektu iku kowe ngawasakemarang praboting perang ing “Gedhong Alas”;

9. kowe padha sumurup,manawa temboke kuthane Sang Prabu Dawud wus bengkah-bengkah akehsarta kowe padha nadhahi banyu ing blumbang ngisor;

10. kowe padha ngetung omah-omah ing Yerusalem,lan omah-omah banjur padha kokbubrahi kanggo nyantosakake tembok;

11. kowe gawe papan tandhon banyu ana ing antarane tembok loro maukanggo ngwadhahi banyu ing blumbang kang lawas;nanging kowe ora padha tumenga marang Panjenengane kang yasa iku,lan ora ndeleng marang Panjenengane kang wus mangun iku wiwit biyen mula.

maca bab lengkap Yesaya 22