Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 21:9-17 Kitab Sutji (JAV)

9. Lah punika sampun wonten prajurit sagelengan ingkang dhateng,wadya-bala kapalan!Wong mau banjur nguwuh-uwuh maneh:“Sampun rebah, Babil sampun rebah,tuwin sakathahing recanipun brahala sampun karemukakensaha pating slebar wonten ing siti.”

10. He bangsaku kang wus kaidak-idak lan kainjek-injekapa kang dakrungu saka Pangeran Yehuwah Gustining sarwa tumitah,Gusti Allahe Israel,wus daksumurupake marang kowe.

11. Wangsit tumrap Duma.Ana wong kang nguwuh-uwuh marang aku saka ing Seir:“He wong jaga, apa wengine isih suwe?He wong jaga, apa wengine isih suwe?”

12. Wong jaga iku mangsuli:“Bakal esuk, nanging uga bakal bengi.Manawa kowe padha arep takon,tekaa lan padha takona maneh sapisan engkas!”

13. Wangsit tumrap tanah Arab.Kowe bakal padha nginep ana ing alas ing tanah Arab,he kapilah-kapilahe wong Dedan!

14. He wong kang manggon ing tanah Tema,padha metua, wong kang ngelakwenehana banyu,wong kang keplayu pethuken kalawan roti.

15. Amarga wong iku padha lumayu nyingkiri pedhang,pedhang kang kaunus,gendhewa kang kapenthang,lan peperangan kang nggegirisi.

16. Awit mangkene pangandikane Pangeran marang aku: “Sanjrone sataun maneh, manut wektu panyambut-gawene prajurit opahan, sakehing kamulyane Kedar bakal sirna.

17. Lan prajurite panahan bangsa Kedar kang gagah prakosa bakal mung kari sathithik cacahe, sabab Sang Yehuwah Gusti Allahe Israel wus ngandika mangkono.”

maca bab lengkap Yesaya 21