1. Wangsit tumrap “pasamunan ing pinggir sagara”.Kayadene lesus anggone gumrubug ngliwati Tanah Negeb,kaya mangkono tekane saka ing ara-ara samun,saka ing nagara kang nggegirisi.
2. Ana wahyu kang bengis kang wus kawangsitake marang aku:“Si penggarong nggarong, si pengrusak, ngrusak!Majua, he Elam, kepungen, he Madai!Sakehing pangesah kang kalirake wus Sunsirep.”
3. Mulane lambungku lara banget,aku lara muleskaya mulesing wong wadon kang manak;aku mringkus-mringkus, ora krungu maneh,aku kaget, ora ndeleng maneh.
4. Atiku ngolang-ngaling, aku kalimputan ing rasa trataban,wayah bengi kang tansah dakangen-angen iku saiki gawe geterku.
5. Wong padha ribut nata pasugatan,nata palenggahan, dhaharan, pangunjukan ...Dumadakan keprungu: “He para panggedhe!Samektaa ing perang, lenganana tamenge!”
6. Amarga mangkene pangandikane Pangeran marang aku:“Sira lungaa, masanga wong jaga,apa kang kadeleng kudu dikandhakake.
7. Samangsa sumurup prajurit jaranan sagelengan, ngloro-ngloro,wadya-bala nunggang kuldi, wadya-bala nunggang unta,iku kudu diwaspadakake temenan,kalawan nastiti banget.”
8. Wasana kang ndeleng iku nguwuh-uwuh:“Wonten ing panggung panjagen,dhuh bendara kula,kula tansah ngadeg sadinten muput,tuwin wonten ing papan panjagen kula kapanjering saben dalu.”