Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 20:4-6 Kitab Sutji (JAV)

4. mangkono uga raja Asyur bakal nggiring wong Mesir dadi tawanan, lan wong Etiopia kayadene wong buwangan, tuwa lan enom, kalawan wuda lan tanpa trumpah tuwin katon bokonge, dadi kawirangane tanah Mesir.

5. Wong-wong banjur bakal padha kaget lan wirang marga saka Etiopia, kang dadi bakuning pangarep-arepe, lan marga saka Mesir kang dadi kamongkogane.

6. Sarta wong ing pasisir iki bakal celathu ing wektu iku: Lah mangkene kadadeane para wong kang padha dadi pangarep-arep kita, kang kita ungseni kita jaluki pitulungan supaya diuwalake saka raja ing Asyur. Kapriye bisane kita oncat?”

maca bab lengkap Yesaya 20