Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 2:5-16 Kitab Sutji (JAV)

5. He golongan tedhake Rama Yakubayo kita padha lumakuing pepadhange Sang Yehuwah!

6. Sanyata Paduka sampun mbucal umat Padukainggih punika golongan tedhakipun Rama Yakubamargi wonten ing pundi-pundi sami nindakaken panenungan kadosdene ingkang tumindak ing tanah Wetansaha sikir kados tiyang Filisti,tuwin kekathahen tiyang bangsa sanes ingkang wonten ing satengahipun.

7. Nagarinipun kebak emas tuwin salaka saha raja-brananipun tanpa wicalan;nagarinipun kebak kapalsarta kretanipun tanpa wicalan.

8. Nagaranipun kebak brahala;tiyang-tiyang wau sami sujud nyembahdhateng dedamelaning tanganipun piyambaklan dhateng ingkang dipun garap dening tanganipun.

9. Kados makaten anggenipun manungsa dipun telukakensaha anggenipun tiyang kaesoraken-- tiyang-tiyang wau mugi sampun kaapunten!

10. Lumebua ing sela-selaning gunung paranglan ndhelika ing rong ing sajroning lemahmarga saka pagirise Sang Yehuwahsarta marga saka cahyaning kamulyane!

11. Manungsa kang gumunggung bakal kaesorakelan wong kang angkuh bakal kadhingklukake,sarta mung Pangeran Yehuwah kang mahaluhur ing dina iku.

12. Amarga Sang Yehuwah Gustine sarwa tumitahnemtokake dinane anggone bakal ngukumsakehe wong kang kumalungkung lan angkuhsarta ngukum marang sakehing wong kang kumaluhur-luhur, prelu kaesorake;

13. ngukum sakehing wit eres ing Libanonkang tuwuh mandhuwur lan tetep munggul,tuwin ngukum sakehing wit elah ing Basan;

14. sarta ngukum gunung kang dhuwur-dhuwurlan sakehing tengger kang munggul;

15. ngukum sakehe menara kang dhuwur-dhuwurlan sakehe baluwarti kang disantosani;

16. ngukum sakehe kapal ing Tarsistuwin sakehe kapal kang endah dhewe.

maca bab lengkap Yesaya 2