Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 2:1-9 Kitab Sutji (JAV)

1. Pangandika kang kaparingake marang Yesaya putrane Sang Amos bab Yehuda lan Yerusalem.

2. Ing wekasane jaman bakal kelakon:gunung papan padalemane Sang Yehuwahbakal ngadeg jejeg ing sadhuwure gunung-gununglan munggul ing sadhuwure tengger-tengger;sakehing bangsa bakal gumrudug mrana

3. lan para suku bangsa akeh kang bakal padha budhalan kalawan ngucap mangkene:“Ayo, kita padha munggah ing gununge Sang Yehuwah,menyang ing padalemane Allahe Rama Yakub,supaya Panjenengane paring piwulang marang kita bab margi-marginelan supaya kita padha lumaku ing kono;amarga saka ing Sion bakal kaparingake piwulanglan pangandikane Sang Yehuwah saka ing Yerusalem.”

4. Panjenengane bakal dadi hakim ana ing antarane para bangsalan bakal ngadili suku bangsa akeh;iku banjur bakal padha nggembleng pedhang-pedhange kadadekake kejensarta tumbak-tumbake kadadekake arit.Bangsa kang siji ora bakal ngangkat pedhange maneh nglawan bangsa sijinetuwin ora bakal nggladhi perang maneh.

5. He golongan tedhake Rama Yakubayo kita padha lumakuing pepadhange Sang Yehuwah!

6. Sanyata Paduka sampun mbucal umat Padukainggih punika golongan tedhakipun Rama Yakubamargi wonten ing pundi-pundi sami nindakaken panenungan kadosdene ingkang tumindak ing tanah Wetansaha sikir kados tiyang Filisti,tuwin kekathahen tiyang bangsa sanes ingkang wonten ing satengahipun.

7. Nagarinipun kebak emas tuwin salaka saha raja-brananipun tanpa wicalan;nagarinipun kebak kapalsarta kretanipun tanpa wicalan.

8. Nagaranipun kebak brahala;tiyang-tiyang wau sami sujud nyembahdhateng dedamelaning tanganipun piyambaklan dhateng ingkang dipun garap dening tanganipun.

9. Kados makaten anggenipun manungsa dipun telukakensaha anggenipun tiyang kaesoraken-- tiyang-tiyang wau mugi sampun kaapunten!

maca bab lengkap Yesaya 2