Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 19:10-19 Kitab Sutji (JAV)

10. Wong kang padha nenun bakal remuk atine,sakehe buruh bakal sedhih atine.

11. Para panggedhe ing Zoan iku padha bodho-bodho,para juru pirembage Pringon kang wicaksana dhewe padha nyaosi pamrayoga kang bodho.Kapriye dene sira padha bisa matur marang Pringon:“Kawula punika anakipun para tiyang wicaksana,turunipun para ratu ing jaman kina?”

12. Endi wong-wongira kang wicaksana?Iku cikben padha pratela marang sira lan aweh weruh apa kang wus kaputus dening Sang Yehuwah Gustining sarwa tumitah tumrap Mesir.

13. Para panggedhe ing Zoan tumindake gemblung,para panggedhe ing Memfis wus padha kapusan;para pangareping suku-sukunewus padha mbingungake Mesir.

14. Pangeran Yehuwah wus ngesokake ana ing tengahesawijining roh kang ngisruhake,lan iku padha gawe bingunging Mesir ing bab pambudidayane kabeh,nganti kaya wong mendem kang mumet nalika mutah-mutah.

15. Lan ora ana kang kasil satindake Mesirkang dilakoni dening panggedhe lan panganut,dening pangarep lan wong lumrah.

16. Ing nalika iku para wong Mesir bakal padha kaya wong wadon; bakal padha gumeter lan kaget marga saka astane Pangeran Yehuwah Gustining sarwa tumitah kang kaagagake marang wong-wong mau.

17. Tanah Yehuda banjur bakal nukulake pagiris ana ing satengahe wong Mesir, lan sapa bae kang eling marang wong-wong mau bakal kaget marga krungu bab pancasaning Yehuwah Gustining sarwa tumitah, kang wus kadamel tumrap wong-wong iku.

18. Ing wektu iku ing tanah Mesir bakal ana kutha lima kang caturane nganggo basa Kanaan lan kang sumpah demi Sang Yehuwah Gustine sarwa tumitah. Panunggalane ana siji kang bakal kasebut Ir-Kheres.

19. Ing wektu iku ing satengahe tanah Mesir bakal ana misbyah kagem Sang Yehuwah lan tugu pengetan kagem Sang Yehuwah kang dumunung ing tapel-watese.

maca bab lengkap Yesaya 19