Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 19:1-11 Kitab Sutji (JAV)

1. Wangsit tumrap Mesir.Lah Sang Yehuwah nitih mega kang rikatlan tedhak menyang ing tanah Mesir;para brahala ing Mesir padha gumeter ana ing ngarsane,lan atine wong Mesir remuk ana ing badane.

2. Ingsun bakal damel wong Mesir nglawan padha wong Mesir,supaya padha perang, saben wong nglawan sadulurelan saben wong nglawan mitrane,kutha nglawan kutha,karajan nglawan karajan;

3. semangate wogn Mesir banjur ilang,rancangane bakal Sunkisruhake;banjur bakal padha njaluk pituduh marang para brahala lan marang juru japa-mantra,marang arwah lan marang roh kang memeca.

4. Ingsun bakal ngulungake wong Mesirmarang ing tangane bendara kang ambek siya,lan ratu kang kereng bakal masesani bangsa iku;mangkono pangandikane Sang Yehuwah Gustining sarwa tumitah.

5. Banyune bengawn Nil bakal entek,lan bengawan iku bakal dadi asat nggereng,

6. satemah susukan-susukan bakal mambu bacin,lan cawangan-cawanganing bengawan Nil bakal dadi cethek lan asat,glagah lan rayung bakal padha mati lan rubuh.

7. Suket ing pinggiring bengawan Nillan apa kang kasebar ing lebaking bengawan maubakal dadi aking, katiup ing angin lan wus ora ana maneh.

8. Para juru amek iwak bakal padha sesambat lan susah,yaiku sakehe wong kang padha mancing ing bengawanl Nil;sakehe wong kang njala ana ing konobakal padha ngenes uga.

9. Wong-wong kang gawe lena bakal padha kawirangan,mangkono uga para wong nenun mori.

10. Wong kang padha nenun bakal remuk atine,sakehe buruh bakal sedhih atine.

11. Para panggedhe ing Zoan iku padha bodho-bodho,para juru pirembage Pringon kang wicaksana dhewe padha nyaosi pamrayoga kang bodho.Kapriye dene sira padha bisa matur marang Pringon:“Kawula punika anakipun para tiyang wicaksana,turunipun para ratu ing jaman kina?”

maca bab lengkap Yesaya 19