Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 15:4-9 Kitab Sutji (JAV)

4. Hesybon lan Eleale padha nangis gero-gero,swarane nganti keprungu tekan ing Yahas.Awit saka iku para wong ing Moab kang sikep gegaman padha nguwuh-uwuh,nyawane gumeter.

5. Aku mbengok marga saka Moab;wong kang ngungsi wus padha tekan ing Zoar, ing Eglat-Selisia.Lah wong padha ngunggahiunggah-unggahan Luhit kalawan nangis;lan ana ing dalan kang menyang Horonaimwong padha njerit marga tinempuh ing sangsara.

6. Lah kali ing Nimrim dadi sat, dadi pasamunansukete wus aking, suket enom wus entek,thethukulan wus ora ana kang ijo.

7. Marga saka iku sakehing bandha kang ditumpuklan samubarang kabeh kang disimpenpadha digawani menyang ing sabrange kali Haarabim.

8. Lah panjerite mau bakal keprubu ing sawewengkone Moab kabeh,pangadhuhe keprungu nganti tekan ing Eglaim,malah nganti tekan ing Beer-Elim.

9. Lah banyu ing Dibon wus kebak getih,nanging kang tumempuh marang Diboniku bakal Sunwuwuhi maneh,yaiku singa bakal ndekep para wong kang bisa oncat saka ing Moablan kang isih ana ing tanah kono.

maca bab lengkap Yesaya 15