Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 13:2-7 Kitab Sutji (JAV)

2. Masanga gendera ana ing gunung kang gundhul,nguwuh-uwuha marang para wong iku kalawan swara sora;ngawe-awea supaya iku padha lumebuing gapura-gapurane para wong luhur!

3. Ingsun iki wus paring dhawuh marang para wong kang Sunsucekake,wus nimbali para wongingSun kang prakosasupaya matrapi paukumaning bebenduningSun,marang para wongingSun, kang padha suka-suka lan gumunggung.

4. Ana swara rame ing gunung-gunung,kaya swaraning kumpulaning wong kang akeh cacahe!Swara gumuruhing karajan-karajan,lan bangsa-bangsa kang padha nglumpuk!Pangeran Yehuwah, Gustine sarwa tumitahlagi niti-priksa wadya-bala perang.

5. Iku padha teka saka ing nagara kang adoh,malah saka ing poncoting langit,yaiku Sang Yehuwah lan kang nibakake dedukanearep padha ngrusak saindenging bumi.

6. Padha ngadhuh-adhuha, sabab dinane Sang Yehuwah wus cedhak,tekane iku kayadene pangrusak saka Kang Mahakwasa.

7. Awit saka iku sakehing tangan bakal dadi lemes,lan atine saben manungsa bakal luluh,

maca bab lengkap Yesaya 13