Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 13:12-21 Kitab Sutji (JAV)

12. Ingsun bakal damel aranging wong ngungkuli emas tuwa,lan aranging manungsa ngungkuli emas Ofir.

13. Mulane Ingsun bakal damel gumetering langit,lan bumi bakal gonjing ngalih saka ing panggonane,yaiku ing wektu bebendune Sang Yehuwah, Gustine sarwa tumitah,lan ing dina dedukane kang mulad-mulad.

14. Kayadene kidang kang kaoyak-oyaklan kayadene wedhus kang ora diengon,kaya mangkono wong-wong bakal padha noleh marang bangsane dhewe-dhewe,lan padha lumayu marang nagarane dhewe-dhewe.

15. Saben wong kecandhak bakal disuduk,lan saben wong kang kecekel bakal ambruk mati dening pedhang.

16. Bayi-bayine bakal padha karemukana ing ngarepe,omah-omahe bakal padha karampoglan bojo-bojone bakal padha diwori turu.

17. Lah Ingsun nglurugake wong Madai nglawan marang wong-wong mau,wong-wong kang ora padha mredulimarang salaka lan ora seneng marang emas.

18. Panah-panahe bakal nembus para wong enom;wong-wong mau padha ora bakalwelas marang wohing wetengan,lan ora padha welas marang bocah-bocah.

19. Lan Babil, kang dadi kaendahaning para karajan,rerengganing wong Kasdim kang linuwih,bakal padha kaya Sodom lan Gomorayaiku samangsa padha kaobrak-abrik dening Gusti Allah:

20. ing sateruse bakal ora ana wonge,lan ora ana kang ngenggoni nganti turun-tumurun;wong Arab ora bakal ngedegake tarub ana ing kono,lan para pangon ora bakal ngolehake kewane padha mlegung ana ing kono,

21. dene kang bakal mlegung ing kono yaiku kewan ing ara-ara samun,lan omah-omahe bakal kebak manuk beluk,manuk-manuk unta kang bakal padha manggon ing kono,lan jim-jim kang padha lincak-lincak;

maca bab lengkap Yesaya 13