Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 13:10-16 Kitab Sutji (JAV)

10. Sabab lintang-lintang lan golongane ing langitbakal ora padha nyunarake cahyane;srengenge bakal dadi peteng nalika mlethek,lan rembulan ora bakal nyorotake sunare.

11. Ingsun bakal males pialane donya,lan kaluputane wong duraka;gumunggunging wong-wong kang kumawani bakal Sunuwisi,sarta kumlungkunge para wong ambek siya bakal Sunendhakake.

12. Ingsun bakal damel aranging wong ngungkuli emas tuwa,lan aranging manungsa ngungkuli emas Ofir.

13. Mulane Ingsun bakal damel gumetering langit,lan bumi bakal gonjing ngalih saka ing panggonane,yaiku ing wektu bebendune Sang Yehuwah, Gustine sarwa tumitah,lan ing dina dedukane kang mulad-mulad.

14. Kayadene kidang kang kaoyak-oyaklan kayadene wedhus kang ora diengon,kaya mangkono wong-wong bakal padha noleh marang bangsane dhewe-dhewe,lan padha lumayu marang nagarane dhewe-dhewe.

15. Saben wong kecandhak bakal disuduk,lan saben wong kang kecekel bakal ambruk mati dening pedhang.

16. Bayi-bayine bakal padha karemukana ing ngarepe,omah-omahe bakal padha karampoglan bojo-bojone bakal padha diwori turu.

maca bab lengkap Yesaya 13