Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 12:1-6 Kitab Sutji (JAV)

1. Ing wektu iku kowe bakal munjuk:“Kawula badhe ngunjukaken panuwun dhumateng Paduka, dhuh Yehuwah, awit sanadyan Paduka sampun duka dhumateng kawula,nanging bebendu Paduka sampun kendeltuwin Paduka lajeng nglipur kawula.

2. Gusti Allah iku sanyata dadi karaharjanku;aku kumandel ora kalawan gumeter,amarga Sang Yehuwah Allah iku kakuwatanku lan masmurku,Panjenengane wus dadi karaharjanku.”

3. Ing kono kowe bakal padha ngangsu kalawan bungahing etuking kaslametan.

4. Ing wektu iku kowe bakal padha ngucap:“Ngunjukna panuwun marang Sang Yehuwah,padha nyebuta marang asmane,pakaryane padha sumurupna ana ing antarane para bangsa,suwurna, manawa asmane iku luhur!

5. Padha ngidungna masmur Pangeran Yehuwah, sabab pakaryane iku mulya;bab iki prayoga kasumurupan ing saindenging bumi!

6. Padha giyak-giyaka lan surak-suraka,he wong kang padha manggon ing Sion,amarga Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel,iku agung ana ing satengahmu!”

maca bab lengkap Yesaya 12