Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 11:10-16 Kitab Sutji (JAV)

10. Ing wektu ikutrubusan ing oyoding Isai bakal jumeneng dadi gendera tumrap para bangsa;kang bakal kaupaya dening para suku bangsasarta padalemane bakal dadi mulya.

11. Ing wektu iku Pangeran bakal ngayatake astane manehprelu nebus kekarening umatekang isih ana ing Asyur lan ing Mesir,ing Patros, ing Etiopia lan ing Elam, ing Sinear, ing Hamat lan ing pulo-pulo ing sagara.

12. Panjenengane bakal ngedegake gendera kanggo bangsa-bangsa,bakal nglempakake para wong Israel kang kabuwang,sarta bakal ngempalake para wong Yehuda kang sumebar ing keblat papat.

13. Kumerening Efraim bakal ilang,lan kang ngrupeki Yehuda bakal sirna.Efraim ora bakal meri maneh marang Yehuda,sarta Yehuda ora bakal ngrupeki Efraim maneh.

14. Nanging bakal padha mabur mangulon, menyang ing ereng-erenging gunung Filisti,bakal njarah-rayah bani Timur bebarengan;bakal padha ngrampas Edom lan Moab,sarta wong Amon bakal padha teluk.

15. Sang Yehuwah bakal ngesat teluk Mesirkalawan napase kang nggesengake,tuwin ngayatake astane marang bengawan Efrat,kang nuli kapupuh temah pecah dadi kali pitu,njalari wong banjur bisa liwat nganggo trumpah.

16. Banjur bakal ana dalan gedhe kanggo kekarene umatekang isih ana ing Asyur,kaya kang biyen wis ana kanggo Israel,nalika padha metu saka ing tanah Mesir.

maca bab lengkap Yesaya 11