Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 11:1-11 Kitab Sutji (JAV)

1. Ana trubusan kang bakal thukul saka ing tunggaking Isai,lan ana semen kang tuwuh saka ing oyode kang bakal metokake woh.

2. Iku bakal katedhakan Rohe Sang Yehuwah,rohing kawicaksanan lan pambudi,rohing pitutur lan kasantosan,rohing kawruh lan wedi-asih marang Sang Yehuwah;

3. malah wedi-asih marang Sang Yehuwah iku kang dadi karemenane.Panjenengane ora bakal ngadili mung waton pamirsane satleraman baeutawa ndhawahake putusna manut paturaning wong.

4. Nanging bakal ngakimi para wong sekeng kalawan kaadilan,sarta bakal ndhawahake putusan tumrap para wong kang katindhes ana ing nagara kono kalawan kajujuran;anggone ngrangket bumi kalawan pangandikane kayadene kalawan lantaran,tuwin kalawan napasing lesane anggone bakal nyirnakake wong duraka.

5. panjenengane ora bakal nyimpang saka ing kabeneran lan kasetyan,kayadene sabuk kang tetep tumali ing bangkekan.

6. Asu ajag bakal manggon bebarengan karo wedhus gembellan macan tutul bakal mlegung ana ing sandhinging wedhus.Pedhet lan anak singa bakal nyenggut bebarengan,tuwin bakal kagiring ing bocah cilik.

7. Sapi lan bruwang bakal nyenggut bebarenganlan anak-anake bakal plegungan tunggal enggon,dene singa bakal mangan dami kaya sapi.

8. Bocah suson bakal dolanan ing sacedhake rong ula bedhudhak,tuwin bocah sapihan bakal rogoh-rogoh ing ronging ula mandi.

9. Ora ana kang bakal nglakoni ala ana tumindak ora becikana ing sawewengkone gunungingSun kang suci,amarga saindenging bumi kapenuhan ing kawruh bab Sang Yehuwah,kayadene banyuning sagara kang nasabi dhasare.

10. Ing wektu ikutrubusan ing oyoding Isai bakal jumeneng dadi gendera tumrap para bangsa;kang bakal kaupaya dening para suku bangsasarta padalemane bakal dadi mulya.

11. Ing wektu iku Pangeran bakal ngayatake astane manehprelu nebus kekarening umatekang isih ana ing Asyur lan ing Mesir,ing Patros, ing Etiopia lan ing Elam, ing Sinear, ing Hamat lan ing pulo-pulo ing sagara.

maca bab lengkap Yesaya 11