Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 10:9-22 Kitab Sutji (JAV)

9. Kaanane Kalno rak padha kaya Karkhemis,utawa Hamat rak padha kaya Arpad,lan Samaria rak padha kaya Damsyik?

10. Kayadene tanganku wus ngrayud karajan-karajaning para brahala,mangka reca-recane ngluwihi kang ana ing Yerusalem lan kang ana ing Samaria,

11. apa aku ora bakal tumindak mangkono tumrap Yerusalem lan reca-recane brahalane,kaya kang wus daktindakake tumrap Samaria lan brahala-brahalane?”

12. Nanging manawa Pangeran wus ngrampungake sakehing pakaryane ana ing gunung Sion lan ana ing Yerusalem, Panjenengane bakal ngukum pratingkahe raja Asyur kang gumunggung lan watake kang angkuh kumalungkung.

13. Amarga wus ngucap:“Aku tumindak kaya mangkono iku kalawan kakuwataning tangankutuwin kalawan kawicaksananku,amarga kau duwe akal budi.Aku wus ngilangi wates-watese ing antarane para bangsa,sarta wus ngrampas pasadhiyan-pasadhiyane;kalawan kakuwatan anggonkeu wus nglorodpara wong kang lungguh ing dhampar.

14. Kayadene susuhing manuk,iya mangkono iku anggonku wus ngrayud kasugihane para bangsa,sarta kaya wong kang ngrakup endhog-endhogkang ditinggal dening kang ngendhog,kaya mangkono anggonku ngrayud salumahing bumi,lan siji bae ora ana kang ngobahake swiwine,tuwin kang ngangapake cucuke utawa kang cuwit-cuwit.”

15. apa ana wadung kang ngatonake gumunggunge marang wong kang nganggo,utawa graji kang ngegungake dhiri ana ing sangarepe kang nganggo?Lah kok kaya gada kang ngobahake wong kang nyolahake,lan kaya teken kang ngangkat wonge kang dudu kayu!

16. Awit saka iku Pangeran, Sang Yehuwah Gustine sarwa tumitah,bakal damel wong-wonge kang gothot dadi padha kuru aking,lan sakehing kasugihane bakal kaobong nganti entek,kalawan geni kang mulad-mulad.

17. Padhanging Israel banjur bakal dadi geni,lan Gusti Allahe, Kang Mahasuci bakal mulad-muladtuwin bakal ngobong lan mangsa piskucing lan sukete nganti enteking sajroning sadina uga.

18. Kaendahane alas ing Asyur lan kebone wowohanbakal kamangsa nganti entek, wiwit delege nganti pang-pange,satemah bakal dadi kaya wong lara kang nglayung nganti mati;

19. anadene kekarene wit-witan ing alasekehe bakal kena kaetung,nganti bocah bae bisa nyatheti.

20. Nanging ing wektu iku kekarene wong Israellan wong kang bisa oncat ing antarane gelengan tedhake Rama Yakub,ora bakal sumendhe maneh marang kang ngalahake,nanging bakal sumendhe marang Sang Yehuwah,Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel, lan tetep setya.

21. Ana kekarene kang bali;kekarene Rama Yakub bakal mratobat ana ing ngarsane Gusti Allah kang prakosa.

22. Amarga sanadyan bangsamu, he Israel, kehe kaya wedhining sagara,nanging mung kekarene kang bakal bali.Pangeran Yehuwah wus nemtokake tekaning karusakan,lan saka ing kono bakal tuwuh kaadilan kang nganti luber-luber.

maca bab lengkap Yesaya 10