Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 10:1-16 Kitab Sutji (JAV)

1. Bilai para wong kang gawe katetepan-katetepan kang ora adil,sarta para wong kang gawe pututsan-putusan kang ambek siya,

2. kanggo ngalang-ngalangi para wong sekeng anggone ngupaya kaadilanlan kanggo ngrebut wewenange para wong sangsara kang ana ing satengahe umatingSun,supaya padha bisa ngrampas barang darbeke para randha,tuwin bisa njejarahi bocah yatim!

3. Apa kang bakal padha sira alkoni ing dina paukuman,lan ing wektu tekane kasangsaran kang adoh sangkane?Sira bakal padha lumayu njaluk tulung marang sapa,sarta kasugihanira bakal sira tinggal ana ngendi?

4. Sira ora bisa tumindak apa-apa kejaba mung njingkrung ana ing satengahe wong-wong kang kinepung,sarta tiwas ana ing satengahe para wong kang pinatenan!Sanadyan iki kelakon kabeh, dukane Sang Yehuwah durung mendha,lan astane isih kaagagake.

5. Bilai Asyur, kang dadi cambuking dukaningSunlan kang dadi gitiking bebenduningSun!

6. Iku bakal Sunutus nglawan bangsa kang murtad,tuwin bakal Sundhawuhi nglawan umat lesaning dukaningSun,supaya ngrerampas lan njarah-rayah,sarta supaya ngidak-idak bangsa mau kaya blethok ing lelurung.

7. nanging dheweke dhewe karepe ora mangkonolan ora mangkono rancanganing atine,anadene niyate atine arep numpestuwin nyirnakake bangsa pirang-pirang.

8. Amarga pangucape:“Para panggedhening wadya-balaku rak raja-raja kabeh?

9. Kaanane Kalno rak padha kaya Karkhemis,utawa Hamat rak padha kaya Arpad,lan Samaria rak padha kaya Damsyik?

10. Kayadene tanganku wus ngrayud karajan-karajaning para brahala,mangka reca-recane ngluwihi kang ana ing Yerusalem lan kang ana ing Samaria,

11. apa aku ora bakal tumindak mangkono tumrap Yerusalem lan reca-recane brahalane,kaya kang wus daktindakake tumrap Samaria lan brahala-brahalane?”

12. Nanging manawa Pangeran wus ngrampungake sakehing pakaryane ana ing gunung Sion lan ana ing Yerusalem, Panjenengane bakal ngukum pratingkahe raja Asyur kang gumunggung lan watake kang angkuh kumalungkung.

13. Amarga wus ngucap:“Aku tumindak kaya mangkono iku kalawan kakuwataning tangankutuwin kalawan kawicaksananku,amarga kau duwe akal budi.Aku wus ngilangi wates-watese ing antarane para bangsa,sarta wus ngrampas pasadhiyan-pasadhiyane;kalawan kakuwatan anggonkeu wus nglorodpara wong kang lungguh ing dhampar.

14. Kayadene susuhing manuk,iya mangkono iku anggonku wus ngrayud kasugihane para bangsa,sarta kaya wong kang ngrakup endhog-endhogkang ditinggal dening kang ngendhog,kaya mangkono anggonku ngrayud salumahing bumi,lan siji bae ora ana kang ngobahake swiwine,tuwin kang ngangapake cucuke utawa kang cuwit-cuwit.”

15. apa ana wadung kang ngatonake gumunggunge marang wong kang nganggo,utawa graji kang ngegungake dhiri ana ing sangarepe kang nganggo?Lah kok kaya gada kang ngobahake wong kang nyolahake,lan kaya teken kang ngangkat wonge kang dudu kayu!

16. Awit saka iku Pangeran, Sang Yehuwah Gustine sarwa tumitah,bakal damel wong-wonge kang gothot dadi padha kuru aking,lan sakehing kasugihane bakal kaobong nganti entek,kalawan geni kang mulad-mulad.

maca bab lengkap Yesaya 10