Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeremia 8:17-22 Kitab Sutji (JAV)

17. Lah delengen, Ingsun ngeculake ula bedhudhak ana ing satengahirakang ora bisa dijapani,lan bakal nyakot sira, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah.” --

18. Ora bisa mari kasusahan kang tumempuh marang aku,atiku lara banget.

19. Rungokna, panguwuhe putrining bangsaku njaluk tulung saka ing nagara adoh:“Sang Yehuwah apa ora ana ing Sion?Apa ing kono ora ana Rajane?”Yagene padha nuwuhake gerahing panggalihingSun kalawan reca-recanelan dewa-dewa saka tanah liya kang ora ana gunane?

20. Mangsane panen wus kliwat,mangsa katiga wus kepungkur,ewadene kita meksa durung diluwari!

21. Atiku rempu, amarga tatune putrining bangsaku,aku nandhang susah,aku ketaman ing pagiris.

22. Apa ing Gilead ora ana boreh?Apa ing kana ora ana dhukun?Geneya tatune putrining bangsaku durung mari?

maca bab lengkap Yeremia 8