Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeremia 8:11-19 Kitab Sutji (JAV)

11. Wong iku padha nambani tatune putrining umatingSun,kang dianggep mayar bae, celathune:Tentrem rahayu! Tentrem rahayu!Nanging ora ana tentrem rahayu.

12. Pancene kudu rumangsa wirang,amarga padha nglakoni kanisthan,nanging padha ora rumangsa wirang babar pisanlan ora ngrumangsani cacade.Mulane bakal padha tiba ana ing satengahe wong kang padha ambruk,bakal padha kejengklok,samangsa padha tampa paukuman,-- mangkono pangandikane Sang Yehuwah.

13. Pangandikane Sang Yehuwah mangkene:Ingsun arsa mundhut pametune,nanging wite anggur ora ana wohe,wite anjir ora ana wohe,lan godhonge wus padha alum,mulane Ingsun bakal netepake,para wong kang bakal padha ngidak-idak wong-wong iku.”

14. Yagene kita kok mung padha lungguhan bae?Payo padha ngumpul lan ngungsi menyang ing kutha kang santosalan lebur ana ing kono!Awit Sang Yehuwah, Gusti Allah kita, nglebur kita,maringi omben-omben racun marang kita,sabab kita wus gawe dosa ana ing ngarsane.

15. Kita ngarep-arep kantentreman,nanging ora ketekan sawiji-wijia kang becik,ngarep-arep waras, nanging kang ana mung pagiris.

16. “Bekere jaraning mungsuh keprungu saka ing Dhan,saindenging nagara padha gumeter dening bengingehing jarane lanang.Tekane ngentekake nagara saisine,kutha dalah wong saisine padha dipangan.

17. Lah delengen, Ingsun ngeculake ula bedhudhak ana ing satengahirakang ora bisa dijapani,lan bakal nyakot sira, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah.” --

18. Ora bisa mari kasusahan kang tumempuh marang aku,atiku lara banget.

19. Rungokna, panguwuhe putrining bangsaku njaluk tulung saka ing nagara adoh:“Sang Yehuwah apa ora ana ing Sion?Apa ing kono ora ana Rajane?”Yagene padha nuwuhake gerahing panggalihingSun kalawan reca-recanelan dewa-dewa saka tanah liya kang ora ana gunane?

maca bab lengkap Yeremia 8