Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeremia 8:1-11 Kitab Sutji (JAV)

1. Ing wektu iku -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah -- balunge para raja ing Yehuda, para panggedhene, para imam lan para nabi, apadene balunge para wong ing saisining Yerusalem bakal padha diwetokake saka ing kuburane,

2. dieler ana ing sangisoring srengenge, rembulan lan sagolonganing langit, kang biyene ditresnani, dikawulani, dianut, diupadi lan disujudi. Kabeh iku ora bakal dikumpulake lan dikubur, iku bakal kagawe rabuk ing pategalan.

3. Nanging sakehe kekarene wong kang ala iku bakal luwih seneng mati katimbang urip ana ing sadhengah panggonan, kang Sunagem mbuyarake wong-wong iku, mangkono pangandikane Sang Yehuwah, Gustining kang sarwa dumadi.

4. Sira mratelakna marang para wong iku:“Mangkene pangandikane Sang Yehuwah:Wong kang tiba iku apa ora tangi maneh?Wong kang nyingkur iku apa ora bali maneh?

5. Yagene bangsa iki mungkur,mungkur terus?Padha nekad laku cidra,lumuh mratobat.

6. Ingsun wus nggatosake lan midhangetake,kandhane ora jujur!Ora ana kang nggetuni pialanekaro ngucap: Apa ta kang wus daklakoni iki!kalawan mbedhal lumayu padha nggeblas manut parane dhewe-dhewekaya jaran kang nrejang ing peperangan.

7. Dalah manuk cangak ing awang-awang, ngreti mangsane,manuk drekuku, sriti lan bangopadha kelingan mangsane bali,nanging umatingSun ora sumurupangger-anggere Sang Yehuwah.

8. Kapriye dene sira wani ngucap:Aku iki wicaksanalan nduweni Torete Sang Yehuwah?Lah, pene juru tulis kang cidra,wus ngowahi dadi goroh.

9. Para wong wicaksana bakal padha kawirangan,kaget lan keblusuk.Lah wis padha nampik pangandikane Sang Yehuwah,apa isih padha kadunungan kawicaksanan?

10. Mulane rabine bakal padha Sunpasrahake marang wong liya,lan pategalan-pategalane marang para penjajah.Lah, wiwit kang cilik nganti kang gedhe,kabeh padha ngupaya kauntungan,dadia nabi, dadia imam,kabeh padha laku cidra.

11. Wong iku padha nambani tatune putrining umatingSun,kang dianggep mayar bae, celathune:Tentrem rahayu! Tentrem rahayu!Nanging ora ana tentrem rahayu.

maca bab lengkap Yeremia 8