Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeremia 7:24-31 Kitab Sutji (JAV)

24. Ewadene ora padha ngrungokake lan nggatekake, malah padha nuruti kekarepane lan tekade kang ala, apadene padha mungkur lan ora madhep.

25. Wiwit rikala leluhurira metu saka ing tanah Mesir tumeka saprene, saben dina ora kendhat-kendhat Ingsun ngutus para abdiningSun, para nabi, marani dheweke,

26. nanging padha emoh ngrungokake dhawuhingSun sarta ora nggatekake, malah padha ngakokake githoke; tumindake ngluwihi ala banget katimbang para leluhure.

27. Sanadyan sira mratelakake sakehing prakara iki marang wong-wong iku, ewadene padha ora ngrungokake lan sanadyan sira nguwuh-uwuh ewadene ora padha mangsuli.

28. Mulane padha tuturana mangkene: Iki bangsa kang emoh ngrungokake swaraning Sang Yehuwah, Gusti Allahe lan emoh nampani pamerdi! Kaburusane wus sirna, wus oncat saka ing cangkeme.”

29. Rambuting sirahira cukuren lan buwangen!Nganakna patangisan ana ing gunung-gunung kang gundhul,awitdene Sang Yehuwah wus nampik lan mbucalbangsa kang ketaman ing bebendune!

30. Jer wong Yehuda wus padha nglakoni apa kang ala ana ing ngarsaningSun, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah, -- sarta wus padha mapanake dewa-dewane kang najisake padaleman, kang nganggo asmaningSun ndadekake najise.

31. Wong iku wus padha ngadegake tengger pangurbanan kang aran Tofet ing Lebak Ben-Hinom kanggo ngobong anak-anake lanang lan wadon, prakara kang ora tau Sunprantahake lan ora tau tuwuh ana ing panggalihingSun.

maca bab lengkap Yeremia 7