Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeremia 7:14-26 Kitab Sutji (JAV)

14. mulane padaleman, kang sinebut nganggo asmaningSun lan padha sira andelake iku, lan panggonan, kang Sunparingake marang sira lan leluhurira iku, bakal Sunpatrapi kaya kang wus Suntandukake marang Silo;

15. Ingsun bakal mbucal sira saka ing ngarsaningSun, kaya sakehing para sadulurira yaiku kabeh turune bani Efraim kang wus Sunbucal.”

16. “Nanging sira aja ndongakake bangsa iki; sira aja ngunjukake pesambat lan panyuwun apadene sira aja ngungset marang Ingsun kanggo wong-wong iku, amarga Ingsun ora bakal miyarsakake sira.

17. Sira apa ora ndeleng apa kang dadi panggawene ana ing kutha-kuthane Yehuda lan ing lurung-lurunge Yerusalem?

18. Bocah-bocah padha ripik-ripik kayu, bapakne padha daden geni sarta kang wadon padha ngulet jladren kanggo olah panganan, sesajen bakal katur marang ratuning langit, lan wong padha ngecurake sajen omben-omben marang allah liyane, kanthi sedya gawe gerahing galihingSun.

19. Apa panggalihingSun kang salugune digawe gerah, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah -- apa dudu atine dhewe kang digawe lara temah banjur padha wirang?

20. Mulane mangkene pangandikane Gusti Allah: Lah bebenduningSun lan dedukaningSun bakal kaesokake ana ing papan kene, marang manungsa, kewan lan wit-witan ing ara-ara lan marang pametuning bumi: mulad-mulading bebendu mau bakal ora bakal sirep-sirep.”

21. Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel: “Kurbanira obaran kanthekna kurbanira sembelehan lan panganen daginge!

22. Sanyata, ing nalikane Ingsun ngirid leluhurira metu saka ing tanah Mesir, Ingsun ora ngandika lan ndhawuhake apa-apa bab kurban obaran lan kurban sembelehan.

23. Mung prakara iki kang Sundhawuhake: Sira padha ngrungokna dhawuhingSun, temah Ingsun bakal dadi Allahira lan sira dadi umatingSun, apadene sira tansah lumakua ana ing dalan kang Suntedahake marang sira, supaya sira padha nemu begja.

24. Ewadene ora padha ngrungokake lan nggatekake, malah padha nuruti kekarepane lan tekade kang ala, apadene padha mungkur lan ora madhep.

25. Wiwit rikala leluhurira metu saka ing tanah Mesir tumeka saprene, saben dina ora kendhat-kendhat Ingsun ngutus para abdiningSun, para nabi, marani dheweke,

26. nanging padha emoh ngrungokake dhawuhingSun sarta ora nggatekake, malah padha ngakokake githoke; tumindake ngluwihi ala banget katimbang para leluhure.

maca bab lengkap Yeremia 7