Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeremia 7:1-9 Kitab Sutji (JAV)

1. Pangandikane Sang Yehuwah marang nabi Yeremia mangkene:

2. “Sira ngadega ana ing gapuraning Padalemane Sang Yehuwah, ana ing kono sira nguwuh-uwuha, mratelakna pangandika iki sarta kandha: Padha ngrungokna pangandikane Pangeran Yehuwah, he para wong Yehuda kabeh kang lumebu ngliwati sakehe gapura iki arep nyembah sujud marang Sang Yehuwah!

3. Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel: Sira mbecikna tindak-tanduk lan panggawenira, Ingsun banjur bakal karsaa dedalem ana ing kene nunggil karo sira.

4. Aja pracaya marang tembung goroh, kang mangkene: Iki Padalemane Sang Yehuwah, Padalemane Sang Yehuwah, Padalemane Sang Yehuwah,

5. kejaba manawa sira padha temen-temen mbecikake tindak-tanduk lan panggawenira sarta temen-temen nindakake kaadilan ana ing satengahira dhewe-dhewe,

6. ora nindhes wong ngamanca, bocah lola lan randha, ora ngwutahake getihe wong kang ora salah ana ing papan kene sarta ora ngetutwuri allah liyane kang marakake bilainira dhewe.

7. Ingsun banjur bakal dedalem ana ing kene nunggil kalawan sira, ing tanah kang wus Sunparingake marang leluhurira, wiwit ing jaman kuna nganti ing salawas-lawase.

8. Nanging lah sira mituhu marang tembung goroh, kang ora migunani.

9. Lah kok sira isih nyenyolong, memateni, laku bandrek, lan nglairake sumpah palsu, kekutug nyembah marang Baal sarta ngetutwuri allah liyane kang ora sira sumurupi;

maca bab lengkap Yeremia 7