Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeremia 6:15-26 Kitab Sutji (JAV)

15. Pancene kudu padha rumangsa wirang,amarga padha nindakake kanisthan,nanging babar pisan ora rumangsa isinlan padha ora nyumurupi ing kanisthane.Mulane bakal padha ambruk ana ing satengahe wong kang padha ambruk;bakal padha kesandhung lan tibaing nalika Ingsun ngadili wong-wong iku,-- mangkono pangandikane Sang Yehuwah.”

16. Pangandikane Sang Yehuwah mangkene:“Sira padha ngadhanga ana ing dedalan lan ngawasnatakokna dalan-dalan kang kuna-kuna,endi kang becik, liwatana,sarana mangkono nyawanira bakal oleh katentreman.Nanging wong iku padha ngucap:Aku padha emoh liwat ing kono!

17. Ingsun uga wus ngangkat wong kang padha jaga,dhawuhingSun: “Pada ngrungokna unining kalasangka!Nanging padha mangsuli: Aku padha emoh ngrungokake!

18. Mulane padha rungokna, he para bangsa,lan kawruhana, he pasamuwan,wong iki bakal padha nemahi apa?

19. He bumi, tilingna!Lah, Ingsun bakal ndhatengake bilai marang bangsa iki,minangka wohing rancangane wong-wong iku,amarga padha ora ngrungokake marang dhawuhingSunlan nampik piwulangingSun.

20. Apa paedahe tumrap Ingsun sira nggawa dupa saka Syebalan tebu kang becik saka ing nagara kang adoh?Ingsun ora karenan marang kurbanira obaran,lan kurbanira sembelehan ora ndadekake keparenging galihingSun.

21. Mulane mangkene pangandikane Sang Yehuwah:Lah, Ingsun bakal ndekek watu sandhunganana ing ngarepe bangsa iki,supaya wong iku padha tiba kesandhung ing watu iku,para bapa lan anak-anak,tangga-teparo lan para kancane kabehbakal padha nemahi tiwas.”

22. Pangandikane Sang Yehuwah mangkene:“Lah, ana sawijining bangsa kang bakal teka saka ing tanah lor,ana sawijining suku bangsa kang gedhekang bakal teka saka ing poncoting bumi.

23. Padha sikep gegaman panah lan tumbak,padha ambeksiya ora duwe rasa welas.Swarane jumlegur kaya sagara,padha nunggang jaran,samekta kaya wong mangsah perang,padha nempuh marang sira, he putri ing Sion!”

24. Aku wus padha krungu wartane,tanganku wus padha jimpe,aku padha ketaman ing sesek,aku padha ngrasakake lara kaya wong wadon nglarani.

25. “Aja padha metu menyang ing ara-ara,lan aja lumaku ana ing dedalan,amarga pedhanging mungsuh ngamuk,pagiris teka saka ing keblat papat!”

26. He putrining bangsaku,padha manganggoa sandhangan bagorlan gulunga ana ing lebu!Nandhanga sedhih kaya nangisi anak ontang-anting,nangisa kalawan susah sedhih.Amarga kang gawe pepati bakal teka kalawan ndadaklan nempuh marang sira.

maca bab lengkap Yeremia 6