Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeremia 6:1-8 Kitab Sutji (JAV)

1. He para wong Benyamin padha lumayua ngungsi,saka ing satengahe kutha Yerusalem!Ngunekna kalasangka ana ing Tekoa,ngumbulna kebul kanggo pratandha ana ing Bet-Kerem!Amarga bilai wus ngincer saka ing lor,yaiku karusakan gedhe.

2. Putri ing Sion apa padha karopangonan kang banget disenengi?

3. Temahan para pangon padha nekaniklawan pepanthaning kewane?Padha masang tarub-tarube ana ing sakubenge.Siji-sijine padha mangan apa kang tinemu nganti gusis.

4. “Padha samektaa ing perang nglawan dheweke;payo padha nempuh ing wayah tengange!”“Cilaka aku kabeh, amarga srengengene wus ngglewang,wayangane ing wayah sore wus dadi dawa!”

5. “Payo, padha mangsah perang ing wayah bengi,lan ngrusak kedhaton-kedhatone!”

6. Amarga pangandikane Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi mangkene:“Wit-witane padha tegorana lan urugana lemah,dadia tanggul kanggo nglawan Yerusalem!Jer iku kutha kang kudu diukum!Mung panganiaya kang tinemu ana ing kono!

7. Kaya sendhang kang ngluberake banyune,iya mangkono Yerusalem anggone ngwetokake durakane.Ambeksiya lan panganiaya tansah keprungu ana ing kono,tatu lan gebugan tansah Sunpirsani.

8. He Yerusalem, sira nampanana pamerdi,supaya Ingsun ora nilar sira,lan ora ndadekake sira sepi mamring,dadi nagara kang suwung!”

maca bab lengkap Yeremia 6