Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeremia 52:5-13 Kitab Sutji (JAV)

5. Kaya mangkono anggone kutha iku kinepung nganti tumeka ing taun kang kaping sawelase jumenenge Sang Prabu Zedhekia.

6. Ing tanggal sanga sasi kapat, nalika pailan ing kutha kono wus banget lan wis ora ana kang dipangan dening rakyat ing kono,

7. balowartine kutha nuli dibedhah. Bareng Sang Prabu mirsa prakara iku banjur lolos sabalane nilar kutha kono ing wayah bengi, tindak miyos ing gapura ing sela-selaning balowarti loro, cedhak ing taman raja, sanadyan bala Kasdim ngepung Yerusalem temugelang. Anggone padha lumayu ngener lebak Araba-Yarden.

8. Nanging bala Kasdim mburu Sang Prabu lan Sang Prabu Zedhekia kecepeng ana ing lebak Yerikho; para wadya-balane wus padha pating slebar ninggal panjenengane.

9. Sang Prabu kabanda lan diirid sowan menyang ing ngarsane Sang Nata ing Babil ana ing Ribla ing tanah Hamat; Sang Nata banjur netepake paukumane.

10. Ratu ing Babil dhawuh nyembeleh putra-putrane Sang Prabu Zedhekia ana ing ngarsane, mangkono uga sakehing para panggedhene Yehuda iya pada disembelehi ana ing Ribla.

11. Sang Prabu Zedhekia banjur dicuplaki tingale sarta dibesta kalawan rante tembaga, wasana digawa menyang Babil, katutup ana ing pakunjaran, nganti tumeka ing sedane.

12. Nalika sasi kalima tanggal kaping sapuluh -- iku taun kang kaping sangalase jumenenge Sang Prabu Nebukadnezar, ratu ing Babil -- Sang Nebuzaradan, panggedhene wadya-bala pengawal, kang ngladeni Sang Nata ing Babil, rawuh ing Yerusalem.

13. Padalemane Sang Yehuwah, kadhatone Sang Prabu lan sakehe omah ing Yerusalem, sakehe daleme para panggedhe padha diobongi.

maca bab lengkap Yeremia 52