Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeremia 52:18-34 Kitab Sutji (JAV)

18. Kwali-kwali, sorok-sorok, lading-lading, bokor-bokor panyiraman lan piring-piring apadene sakehing piranti tembaga kang kanggo nindakake pangibadah, dijupuki kabeh.

19. Uga jembangan-jembangan, padupan-padupan, bokor-bokor panyiraman, kwali-kwali, padamaran-padamaran, piring-piring lan tuwung-tuwung, kang emas lan kang salaka, kajupukan dening panggedhening wadya-bala pengawal mau.

20. Dene saka loro, segaran siji lan sapi tembaga rolas kang ana ing sangisore kareta panyangga, kang kayasa dening Sang Prabu Suleman, kanggo padalemane Sang Yehuwah, iku nganti ora kena dibobot tembagane sakehing piranti iku.

21. Dene saka-saka iku, saka siji dhuwure wolulas asta lan dibuleti lawe kang dawane rolas asta, kandele patang nyari lan ing jerone growong.

22. Ing sadhuwure ana krebile tembaga, kang siji iku dhuwure limang asta, lan diubengi anam-anaman lan woh-wohan delima, kabeh tembaga. Lan saka kang kapindho uga kaya mangkono.

23. Mungguh wohe delima ana sangang puluh nem woh delima kang awujud gambar mbrenjul, cacahe woh-wohan delima iku kabeh ana satus ngubengi anam-anaman iku.

24. Panggedhening wadya-bala pengawal iku banjur nyepeng Imam Seraya, pangarepe tetuwane para imam, lan Imam Zefanya, imam pangkat loro, lan jaga-gapura telu.

25. Saka kutha kono kang dicekel sawijining punggawa kraton kang diangkat dadi panggedhene para prajurit, lan abdidaleme Sang Prabu pitu kang ana ing kutha kono, lan panitraning senapati kang ngumpulake rakyat dadi prajurit, apadene wong sawidak saka antarane rakyat ing sajroning kutha kono.

26. Nebuzaradan panggedhening wadya-bala pengawal mau dhawuh nyekel para wong iku kang banjur diladekake marang ngarsane ratu ing Babil, ana ing Ribla.

27. Raja ing Babil nuli dhawuh mateni para wong iku ana ing Ribla ing tanah Hamat. Mangkono anggone wong Yehuda padha diangkatake menyang ing pambuwangan saka ing tanahe.

28. Iki cacahe rakyat kang diangkat menyang ing pambuwangan dening Sang Nebuzaradan: nalika ing taun kapitune, telung ewu telulikur jiwa saka ing Yehuda;

29. nalika taun kang kaping wolulase jamane Sang Prabu Nebukadnezar, wolung atus telung puluh loro jiwa saka ing Yerusalem;

30. nalika ing taun kang kaping telulikur jamane Sang Prabu Nebukadnezar, kang diangkatake menyang ing pambuwangan dening Sang Nebuzaradan, panggedhening wadya-bala pengawal mau pitung atus patang puluh lima jiwa saka ing Yehuda; gunggunge kabeh ana patang ewu nem atus jiwa.

31. Wusana nalika ing taun kang kaping telung puluh pitu sawuse Sang Prabu Yoyakhin, ratu ing Yehuda, kabucal, nalika sasi karolas tanggal selawe ing sasi iku, Sang Prabu Ewil-Merodakh, ratu ing Babil, ing taun jumenenge, ngatingalake piwelase marang Sang Prabu Yoyakhin, ratu ing Yehuda, sarta banjur ngluwari panjenengane saka ing pakunjaran.

32. Sang Prabu Ewil-Merodakh tangkepe grapyak marang panjenengane sarta maringi kalenggahan kang luwih dhuwur katimbang karo ratu kang bebarengan karo panjenengane ana ing Babil.

33. Sang Prabu Yoyakhin kepareng lukar pengagemane pakunjaran lan ing salawase sugenge diparengake ajeg dhahar roti ana ing ngarsane ratu ing Babil.

34. Lan mungguh panggesangane ing saben dinane diparingi dening Sang Nata ing Babil, ing sajege sugenge nganti tumeka ing sedane.

maca bab lengkap Yeremia 52