Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeremia 52:15-23 Kitab Sutji (JAV)

15. Saperangane wong kang ringkih dhewe, lan kekarene wong kang isih manggon ana ing kono, tuwin para wong kang malik tingal mbalik ndherek ratu ing Babil, apadene kekarene para tukang padha diangkatake menyang ing pambuwangan dening Sang Nebuzaradan, panggedhening prajurit pengawal iku.

16. Mung panunggalane para wong mlarat ing tanah kono, ana sawatara kang ditinggal dening Sang Nebuzaradan, panggedhening wadya-bala pengawal mau, supaya dadi juru kebon anggur lan among tani.

17. Saka-sakane tembaga kang ana ing padalemane Sang Yehuwah kareta panyangga lan segaran tembaga kang ana ing padalemane Sang Yehuwah padha dirusak dening bala Kasdim tuwin sakehing tembagane diusungi menyang tanah Babil.

18. Kwali-kwali, sorok-sorok, lading-lading, bokor-bokor panyiraman lan piring-piring apadene sakehing piranti tembaga kang kanggo nindakake pangibadah, dijupuki kabeh.

19. Uga jembangan-jembangan, padupan-padupan, bokor-bokor panyiraman, kwali-kwali, padamaran-padamaran, piring-piring lan tuwung-tuwung, kang emas lan kang salaka, kajupukan dening panggedhening wadya-bala pengawal mau.

20. Dene saka loro, segaran siji lan sapi tembaga rolas kang ana ing sangisore kareta panyangga, kang kayasa dening Sang Prabu Suleman, kanggo padalemane Sang Yehuwah, iku nganti ora kena dibobot tembagane sakehing piranti iku.

21. Dene saka-saka iku, saka siji dhuwure wolulas asta lan dibuleti lawe kang dawane rolas asta, kandele patang nyari lan ing jerone growong.

22. Ing sadhuwure ana krebile tembaga, kang siji iku dhuwure limang asta, lan diubengi anam-anaman lan woh-wohan delima, kabeh tembaga. Lan saka kang kapindho uga kaya mangkono.

23. Mungguh wohe delima ana sangang puluh nem woh delima kang awujud gambar mbrenjul, cacahe woh-wohan delima iku kabeh ana satus ngubengi anam-anaman iku.

maca bab lengkap Yeremia 52