Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeremia 52:1-10 Kitab Sutji (JAV)

1. Sang Prabu Zedhekia yuswa selikur taun nalika jumeneng ratu, dene anggone ngasta paprentahan ing Yerusalem lawase sawelas taun. Kang ibu asmane Hamutal, putrane putri Sang Yeremia saka ing Libna.

2. Panjenengane nindakake apa kang ala ana ing ngarsane Sang Yehuwah plek karo apa satindake Sang Prabu Yoyakim.

3. Marga saka bebendune Sang Yehuwah kelakone prakara iki tumrap Yerusalem lan Yehuda, yaiku, anggone banjur padha kabucal dening Sang Yehuwah saka ing ngarsane.Sang Prabu Zedhekia mbalela nglawan ratu ing Babil.

4. Mulane nalika ing taun kang kaping sangane jumenenge, ing sasi kang kaping sapuluh tanggal kaping sapuluh Sang Prabu Nebukadnezar ratu ing Babil kanthi wadya-balane nempuh Yerusalem. Banjur padha masang kemah ngepung Yerusalem lan ngadegake tembok pangepungan ana ing saubenge.

5. Kaya mangkono anggone kutha iku kinepung nganti tumeka ing taun kang kaping sawelase jumenenge Sang Prabu Zedhekia.

6. Ing tanggal sanga sasi kapat, nalika pailan ing kutha kono wus banget lan wis ora ana kang dipangan dening rakyat ing kono,

7. balowartine kutha nuli dibedhah. Bareng Sang Prabu mirsa prakara iku banjur lolos sabalane nilar kutha kono ing wayah bengi, tindak miyos ing gapura ing sela-selaning balowarti loro, cedhak ing taman raja, sanadyan bala Kasdim ngepung Yerusalem temugelang. Anggone padha lumayu ngener lebak Araba-Yarden.

8. Nanging bala Kasdim mburu Sang Prabu lan Sang Prabu Zedhekia kecepeng ana ing lebak Yerikho; para wadya-balane wus padha pating slebar ninggal panjenengane.

9. Sang Prabu kabanda lan diirid sowan menyang ing ngarsane Sang Nata ing Babil ana ing Ribla ing tanah Hamat; Sang Nata banjur netepake paukumane.

10. Ratu ing Babil dhawuh nyembeleh putra-putrane Sang Prabu Zedhekia ana ing ngarsane, mangkono uga sakehing para panggedhene Yehuda iya pada disembelehi ana ing Ribla.

maca bab lengkap Yeremia 52