Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeremia 5:11-20 Kitab Sutji (JAV)

11. Amarga tedhak turune Israel lan Yehuda-- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --wus nyidrani Ingsun temenan.

12. Wong iku padha nyelaki Sang Yehuwah,lan ngucap: “Panjenengane ora nindakake apa-apa!Aku padha ora nemahi bilai,aku ora bakal ngalami perang lan pailan.

13. Para nabi iku bakal dadi angin,padha ora kanggonan pangandikane Sang Yehuwah.”

14. Mulane pangandikane Sang Yehuwah,Allahing kang sarwa dumadi mangkene:“Sarehne padha ngucap mangkono,mulane bakal kelakon mangkene tumrap wong iki:Lah Ingsun bakal ndadosake pangandikaningSundadi geni ana ing cangkemira,lan bangsa iki dadi kayubong, dene geni bakal ngobong dheweke nganti entek.

15. He tedhak turune Israel,lah Ingsun bakal ndhatengake bangsa saka ing tanah adoh,kang nempun marang sira,-- mangkono pangandikane Sang Yehuwah, --bangsa kang kuwat santosa,kang anane wiwit kuna mula,lan ora koksumurupi basanelan ora kokngreteni kang dikandhakake.

16. Endhonge kaya kubur kang menga,kabeh padha wong prawira.

17. Bakal padha ngentekake panenan lan panganira,bakal mangan anakira lanang lan wadon nganti entek,bakal ngentekake wedhus-wedhusira lan sapi-sapinira,bakal padha ngentekake wit anggurira lan wit anjirira,lan nggempur kalawan pedhang, kutha-kuthanira kang sentosa,kang sira andelake.”

18. “Nanging ing wektu iku uga, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah, -- Ingsun ora bakal damel tumpesira babar pisan.

19. Lan manawa sira besuk takon-takon: Apa ta prelune Sang Yehuwah, Gusti Allah kita nindakake prakara iku mau marang kita?, sira wangsulana mangkene: Kayadene anggonira wus nyingkur marang Ingsun lan ngawula marang allah liyane ing nagaranira, sira iya bakal ngawula marang bangsa liya ana ing nagara kang dudu nagaranira.”

20. Iki sira kandhakna marang para turune Yakublan iku sira wartakna ana ing tanah Yehuda,padha sira kandhanana mangkene:

maca bab lengkap Yeremia 5