1. Lurung-lurung ing Yerusalem padha liwatana,tamatna lan titenana temenan!Titinen ing ara-arane,apa ana wong siji-sijia,apa ana kang nindakake kaadilan lan kang ngupaya kabeneran.Ingsun bakal paring pangapura marang kutha iku.
2. Sanadyan padha ngucap: “Demi Sang Yehuwah kang gesang,”ewadene supatane iku palsu.
3. Dhuh Sang Yehuwah, punapa tingal Paduka boten tumuju dhateng ing kaleresan?Paduka sampun nggebagi tiyang-tiyang punika,ewadene boten ngraos sakit.Paduka sampun ngremuk tiyang-tiyang punika,ewadene sami boten sami purun nampeni pamerdi.Manahipun sami dipun atosaken nglangkungi sela,lan sami boten purun mratobat.
4. Aku banjur nggagas: “Iku kabeh mung wong cilik,iku wong-wong bodho,awit padha ora ngreti marang margining Sang Yehuwah,angger-anggere Gusti Allahe.
5. Prayogane aku marani para wong gedhe,lan rembugan karo wong-wong iku,amarga wong iku kang padha ngretimarang margine Sang Yehuwah,angger-anggere Gusti Allahe.”Nanging kabeh-kabeh wus padha mutungi pasanganlan medhoti tali-talining panancang.
6. Mulane bakal padha dipateni dening singa kang metu saka ing alas,lan disempal-sempal dening asu ajaging ara-ara kang garing.Macan tutul bakal ngintip ana ing pinggiring kutha-kuthane,angger wong kang metu, bakal ditubruk.Amarga panerake akeh bangetlan panasare gedhe banget.
7. Kapriye yen mangkono, apa Ingsun bisa ngapura iku?Anak-anakira wus padha nyingkur marang Ingsun,lan padha supata demi kang dudu allah.Sawuse Sunwaregi banjur padha laku bedhang,lan padha gegembyakan menyang ing pelonthen.
8. Wong-wong iku jaran lanang kang lemu lan dremba,padha mbeker melik marang bojoning liyan.
9. Wong-wong iku apa ora Sunukum, marga saka iku kabeh?-- mangkono pangandikane Sang Yehuwah. --Apa Ingsun ora males marang bangsa kang kaya mangkono iku?
10. Meneka ing kebon anggure kang mawa andha,rusaken, nanging aja dientekake babar pisan.Carang-carange wit anggur buwanganaamarga iku kabeh dudu kagungane Sang Yehuwah!
11. Amarga tedhak turune Israel lan Yehuda-- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --wus nyidrani Ingsun temenan.
12. Wong iku padha nyelaki Sang Yehuwah,lan ngucap: “Panjenengane ora nindakake apa-apa!Aku padha ora nemahi bilai,aku ora bakal ngalami perang lan pailan.
13. Para nabi iku bakal dadi angin,padha ora kanggonan pangandikane Sang Yehuwah.”