Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeremia 48:35-47 Kitab Sutji (JAV)

35. Pangandikane Sang Yehuwah: Ingsun bakal mbubarake wong Moab anggone aweh kurban obaran ing tengger pangurbanan, lan kekutug marang allahe.

36. Marga saka iku kayadene Ingsun trenyuh miyarsa swaraning suling, mangkono uga galihingSun trenyuh nguningani kaanane Moab lan kaanane para wong Kir-Heres; sakehing bandhane kang ditumpuk-tumpuk rak wis ilang kabeh?

37. Lah, saben sirah diplonthos lan sadhengah jenggot dicukur, kabeh tangan ana belekane lan padha nganggo sandhangan prihatin ana ing lambunge.

38. Ing payon-payonaning omah ing Moab lan ing alun-alune mung ana kasusahan thok; -- lah, Ingsun wus ngepruk Moab kaya wadhah beling, temah ora ana wong kang seneng marang iku, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah. --

39. Iba kagete Moab! Iba wirange Moab, nganti ngumpetake raine! Moab wus dadi pepoyokan lan pagiris tumrap wong ing saubenge kabeh.

40. Amarga -- mangkene pangandikane Sang Yehuwah: --Lah, tekane nglayang kaya manuk garudha,lan ngegarake swiwine ing sadhuwure tanah Moab.

41. Kutha-kutha padha dibedhah,beteng-beteng pananggulangan digempur,atine para prawiraning Moab ing kala semanakaya atine wong wadon kang lagi nglarani.

42. Moab bakal mari anggone dadi bangsa,amarga ngegungake dhiri ana ing ngarsane Sang Yehuwah.

43. He wong isine nagara Moab,pagiris, luwangan lan kalajiret dadi pandumanira;-- mangkono pangandikane Sang Yehuwah. --

44. Kang keplayu marga saka pagirisbakal kecegur ing luwangan,kang krekelan saka ing luwangankena ing jiret.Lah, Ingsun ndhatengake iki kabeh marang Moab,ing taun tibaning paukumane,-- mangkono pangandikane Sang Yehuwah. --

45. Ana ing pangaubane Hesybon,para wong kang keplayu padha mandheg,entek kakuwatane,nanging banjur ana geni kang metu saka ing Hesybon,urubing geni saka ing kratone Sihon,kang mangsa pilingane wong Moablan pathake para wong kang gawe ribut.

46. Cilaka sira, he Moab!,sira bakal tumpes, he bangsa kang nyembah marang Bathara Kamos.Amarga anak-anakira lanang wus padha cinulik dadi bandhanganlan anak-anakira wadon dadi tawanan.

47. Nanging besuk Ingsun bakal mulihake kaanane Moab.Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.”Tekan samene pangandikane bab paukuman tumrap Moab.

maca bab lengkap Yeremia 48