Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeremia 48:32-41 Kitab Sutji (JAV)

32. Aku bakal nangisi kowe,ngluwihi anggonku nangisi Yaezerhe wis anggur Sibma!Elung-elungmu mrambat tekan ing sagara,nggedhabyah tekan ing Yaezer.Si pengrusak wus ambruknibani panenanmu mangsa katiga lan oleh-olehaning anggurmu.

33. Sukarena lan giyak-giyak wus sirna,saka kebon woh-wohan lan saka ing tanah Moab.Ingsun wus ngedohake anggur saka ing pamipitan,tukang ngiles wus ora ana kang ngiles,suraking kabungahan wus ora keprungu maneh.

34. Hesybon lan Eleale gembar-gembor, wong padha ngumbar swarane nganti tekan Yahas, saka Zoar tekan Horonaim lan Eglat-Selisia, amarga banyune kali Nimrim uga wus asat.

35. Pangandikane Sang Yehuwah: Ingsun bakal mbubarake wong Moab anggone aweh kurban obaran ing tengger pangurbanan, lan kekutug marang allahe.

36. Marga saka iku kayadene Ingsun trenyuh miyarsa swaraning suling, mangkono uga galihingSun trenyuh nguningani kaanane Moab lan kaanane para wong Kir-Heres; sakehing bandhane kang ditumpuk-tumpuk rak wis ilang kabeh?

37. Lah, saben sirah diplonthos lan sadhengah jenggot dicukur, kabeh tangan ana belekane lan padha nganggo sandhangan prihatin ana ing lambunge.

38. Ing payon-payonaning omah ing Moab lan ing alun-alune mung ana kasusahan thok; -- lah, Ingsun wus ngepruk Moab kaya wadhah beling, temah ora ana wong kang seneng marang iku, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah. --

39. Iba kagete Moab! Iba wirange Moab, nganti ngumpetake raine! Moab wus dadi pepoyokan lan pagiris tumrap wong ing saubenge kabeh.

40. Amarga -- mangkene pangandikane Sang Yehuwah: --Lah, tekane nglayang kaya manuk garudha,lan ngegarake swiwine ing sadhuwure tanah Moab.

41. Kutha-kutha padha dibedhah,beteng-beteng pananggulangan digempur,atine para prawiraning Moab ing kala semanakaya atine wong wadon kang lagi nglarani.

maca bab lengkap Yeremia 48