Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeremia 48:28-35 Kitab Sutji (JAV)

28. He wong ing tanah Moab,tinggalen kutha-kuthaniralan manggona ana ing gunung parang!Dadia kaya manuk dara kang nusuh ana ingcangkeming guwa.

29. Aku wus padha krungu bab gumunggunge Moab,-- banget anggone kumlungkung,-- bab kumingsune, gumunggunge lan kumlungkunge,sarta gumedhene atine!

30. Ingsun wus nguningani kumenthuse,-- mangkono pangandikane Sang Yehuwah, --ora bener tembunge, ora patut solah-tingkahe.

31. Mulane aku arep nangisi Moab,arep sesambat marga saka Moab kabehlan ngadhuh-adhuh marga saka wong Kir-Heres!

32. Aku bakal nangisi kowe,ngluwihi anggonku nangisi Yaezerhe wis anggur Sibma!Elung-elungmu mrambat tekan ing sagara,nggedhabyah tekan ing Yaezer.Si pengrusak wus ambruknibani panenanmu mangsa katiga lan oleh-olehaning anggurmu.

33. Sukarena lan giyak-giyak wus sirna,saka kebon woh-wohan lan saka ing tanah Moab.Ingsun wus ngedohake anggur saka ing pamipitan,tukang ngiles wus ora ana kang ngiles,suraking kabungahan wus ora keprungu maneh.

34. Hesybon lan Eleale gembar-gembor, wong padha ngumbar swarane nganti tekan Yahas, saka Zoar tekan Horonaim lan Eglat-Selisia, amarga banyune kali Nimrim uga wus asat.

35. Pangandikane Sang Yehuwah: Ingsun bakal mbubarake wong Moab anggone aweh kurban obaran ing tengger pangurbanan, lan kekutug marang allahe.

maca bab lengkap Yeremia 48