Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeremia 48:19-30 Kitab Sutji (JAV)

19. He para wong ing Aroër,ngadhanga ing pinggir dalan lan ngungaka!Takona marang kang padha keplayu lan bisa oncat,takona, apa kang wus kelakon!

20. Moab wus kawirangan, amarga giris.Nangisa lan sesambata,wartakna ana ing kali Arnon:Sanyata, nagara Moab wus rusak!

21. Tanah lempar kang dhuwur wus padha katibanan paukuman, uga kutha-kuthane: Holon, Yahas, Mefaat,

22. Dibon, Nebo, Bet-Diblataim,

23. Kiryataim, Bet-Gamul, Bet-Meon, Keriot, Bozra

24. lan sakehing kutha-kutha ing tanah Moab kang adoh lan kang cedhak.

25. Sungu kekuwataning Moab wus putung,sarta bau panguwasane wus pepes!Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.

26. Dheweke endemana, amarga ngegungake awake dhewe ana ing ngarsane Sang Yehuwah. Moab bakal glimpangan ana ing utah-utahane, lan dheweke dhewe uga bakal dadi pepoyokaning wong.

27. Apa maune dudu Israel kang dadi poyokan? Apa dheweke ana ing satengahe para maling, nganti dene sira gedheg-gedheg, saben sira ngrembug dheweke?

28. He wong ing tanah Moab,tinggalen kutha-kuthaniralan manggona ana ing gunung parang!Dadia kaya manuk dara kang nusuh ana ingcangkeming guwa.

29. Aku wus padha krungu bab gumunggunge Moab,-- banget anggone kumlungkung,-- bab kumingsune, gumunggunge lan kumlungkunge,sarta gumedhene atine!

30. Ingsun wus nguningani kumenthuse,-- mangkono pangandikane Sang Yehuwah, --ora bener tembunge, ora patut solah-tingkahe.

maca bab lengkap Yeremia 48