Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeremia 48:16-27 Kitab Sutji (JAV)

16. Bilaine Moab wus meh teka,kasangsarane enggal bakal nekani.

17. He wong kang ana ing saubenge, padha nangisana,he wong kang padha weruh jenenge!Kandhakna: Lah tetengering pangwasane,tekening kamulyan wus putung!

18. He putri ing Dibon kang wis suwe manggon ana ing kono,lengsera saka ing kaluhuraniralan lungguha ing tlethongan!Amarga juru pangrusak Moab wus mangsah nempuh sira,sarta nyirnakake panggonan-panggonanirakang ana balowartine.

19. He para wong ing Aroër,ngadhanga ing pinggir dalan lan ngungaka!Takona marang kang padha keplayu lan bisa oncat,takona, apa kang wus kelakon!

20. Moab wus kawirangan, amarga giris.Nangisa lan sesambata,wartakna ana ing kali Arnon:Sanyata, nagara Moab wus rusak!

21. Tanah lempar kang dhuwur wus padha katibanan paukuman, uga kutha-kuthane: Holon, Yahas, Mefaat,

22. Dibon, Nebo, Bet-Diblataim,

23. Kiryataim, Bet-Gamul, Bet-Meon, Keriot, Bozra

24. lan sakehing kutha-kutha ing tanah Moab kang adoh lan kang cedhak.

25. Sungu kekuwataning Moab wus putung,sarta bau panguwasane wus pepes!Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.

26. Dheweke endemana, amarga ngegungake awake dhewe ana ing ngarsane Sang Yehuwah. Moab bakal glimpangan ana ing utah-utahane, lan dheweke dhewe uga bakal dadi pepoyokaning wong.

27. Apa maune dudu Israel kang dadi poyokan? Apa dheweke ana ing satengahe para maling, nganti dene sira gedheg-gedheg, saben sira ngrembug dheweke?

maca bab lengkap Yeremia 48