Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeremia 48:1-8 Kitab Sutji (JAV)

1. Tumrap Moab.Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel:“Bilai Nebo, amarga kutha iku wus karusak!Kiryataim wus kawirangan lan wus karebut!Kutha-beteng iku kawirangan lan giris!

2. Kamulyane Moab wus sirna!Ana ing Hesybon wong ngrantam bilai tumrap kutha iku:Payo padha disirnakake bangsa iku!He Madmen, uga sira bakal dibungkem,sira bakal kaoyak-oyak dening pedhang.

3. Rungokna! Pasambat saka ing Horonaim:Karusakan! Gempuran gedhe!

4. Moab wus digempur nganti lebur,pasambating wong keprungu nganti tekan Zoar.

5. Lah, wong padha munggahing unggah-unggahan Luhit karo nangis.Lah, ing dalan udhun-udhunan menyang Horonaim,keprungu pasambat marga tinempuh ing sangsara.

6. Lumayua, ungsekna nyawanira;dadia kaya kuldi alas ing pasamunan!

7. Lah, sarehne sira ngendelake betengira,lan kasugihanira,sira uga bakal karebut.Kamos bakal menyang ing pambuwangan,bareng karo para imam lan panggedhene.

8. Juru pangrusak bakal nekani saben kutha,ora ana kutha kang bisa oncat!Lebak bakal rinusak,tanah ngare sirna babar pisan,kaya kang dadi pangandikane Sang Yehuwah.

maca bab lengkap Yeremia 48