Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeremia 46:21-28 Kitab Sutji (JAV)

21. Uga prajurit buruhan kang ana ing kono,iku kaya pedhet-pedhet kang lemu,padha minger lan lumayu bebarengan,padha ora bisa nanggulangi,amarga dinaning bilai nempuh marang wong-wong iku,yaiku mangsa tibaning paukumane.

22. Swarane kaya ula kang ngeses,samangsa padha maju kanthi wadya-bala;padha nempuh marang dheweke klawan nggawa wadungkayadene para blandhong.

23. Wong iku padha negori alase,-- mangkono pangandikane Sang Yehuwah, --sanadyan ora kena dileboni:amarga luwih akeh katimbang walang,tanpa wilangan cacahe.

24. Putri Mesir dadi kawirangandipasrahake marang ing tangane bangsasaka ing lor.”

25. Pangandikane Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel: “Lah, Ingsun ndhatengake paukuman marang dewa Amon saka Tebe, marang Pringon dalah tanah Mesir, para dewane lan para ratune, yaiku marang Pringon dalah para wong kang pracaya marang dheweke.

26. Ingsun bakal ngulungake wong-wong iku marang ing tangane wong kang ngarah marang nyawane, yaiku ing tangane Nebukadnezar, ratu ing Babil lan para punggawane. Nanging sawise iku, nagara iku bakal dienggoni kaya dhek jaman kuna, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --.

27. Dene sira, he abdiningSun Yakub, aja wedi,he Israel, aja kuwatir!Amarga lah, Ingsun mitulungi sira saka ingpanggonan kang adoh,tuwin turunira saka ing nagara pambuwangane.Yakub bakal bali mulihlan urip ayem sarta tentrem,tanpa ana kang gawe giris.

28. Dene sira, he abdiningSun Yakub, aja wedi,-- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --,amarga Ingsun nganthi sira,sakehing bangsa ing nagara,panggonan anggoningSun mbuyarake sira,iku bakal Sunsirnakake,nanging sira iku ora bakal Suntumpes,Ingsun bakal nggitiki sira manut ing angger-angger,nanging Ingsun babar pisan ora nganggep siratanpa kaluputan.”

maca bab lengkap Yeremia 46