Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeremia 46:12-23 Kitab Sutji (JAV)

12. Para bangsa wus padha krungu mungguh cacadmu,bumi wus kebak pasambatmu,amarga para prawira padha tunjang-tinunjang,sakarone bareng ambruk.”

13. Pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Yeremia, bab rawuhe Sang Prabu Nebukadnezar, ratu ing Babil, arep nelukake tanah Mesir:

14. “Wartakna ana ing Mesir,lan kandhakna ana ing Migdol!Kandhakna ana ing Memfis lan ing Takhpanhes!Tuturana: Nataa gelar lan samektaa,amarga ing saubengira wus gusis,kamangsa ing pedhang!

15. Yagene Apis keplayusapinira lanang apa ora kuwawa nanggulangi?Sanyata, Sang Yehuwah wus nelukake dheweke!

16. Saka ing antaranira akeh kang kejengkloklan ambruk,kang siji kandha marang sijine:Payo padha ngulihi bangsa kita,tanah kalairan kita,prelu ngendhani pedhang kang ngamuk iki!

17. Nyebuta jenenge Pringon, ratu ing Mesir:Tukang ribut kang ora migunakake wektu kang becik.

18. Demi Ingsun kang gesang,-- mangkono pangandikane Sang Prabukang asmane Yehuwah, Gustining sarwa dumadi, --tekane bakal prasasat gunung Taborkang munggul ing antarane gunung-gunung liyane,kaya gunung Karmel ing pinggiring sagara.

19. He putri Mesir kang wis suwe pamanggoniranyepakna samubarang kang kanggo lakuniramenyang ing pambuwangan.Amarga Memfis bakal dadi sepi mamring,dinadekake jugrugan kang ora dienggoni maneh.

20. Mesir iku pedhet kang bregas,nanging ana laler cathak siji kang nekani saka lor.

21. Uga prajurit buruhan kang ana ing kono,iku kaya pedhet-pedhet kang lemu,padha minger lan lumayu bebarengan,padha ora bisa nanggulangi,amarga dinaning bilai nempuh marang wong-wong iku,yaiku mangsa tibaning paukumane.

22. Swarane kaya ula kang ngeses,samangsa padha maju kanthi wadya-bala;padha nempuh marang dheweke klawan nggawa wadungkayadene para blandhong.

23. Wong iku padha negori alase,-- mangkono pangandikane Sang Yehuwah, --sanadyan ora kena dileboni:amarga luwih akeh katimbang walang,tanpa wilangan cacahe.

maca bab lengkap Yeremia 46